TETEMBUNGAN WICAKSANA
kapacak balen saka ing https://www.facebook.com/share/p/15rP7sySkQ/
(Kadudud saking : Wulang Bebasan 20, 21, 22)
(22:1) Jeneng kang becik luwih aji tinimbang karo kasugihan gedhe, luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan emas
(21:6) Oleh kasugihan krana ilat cidra iku barang kang tanpa guna, kang sirna saka wong kang ngupaya pati
(21:8) Dalane juru apus iku menggak-menggok, nanging wong jujur iku jejeg tumindake
(21:20) Atine wong duraka iku anane hamung kepingin marang piala sarta ora duweni sih kawelasan marang pepadhane
(21:15) Nindakake kaadilan iku dadi kasenengane wong bener, ananging gawe getere wong kang tumindak ala
(21:18) Wong duraka iku kanggo tebusane wong bener, dene kang cidra iku kanggo lirune kang jujur
(21:21) Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan bakal nemu urip sejati lan kautaman
(20:7) Wong bener kang lakune jujur, iku turune padha rahayu
(21:23) Sing sapa bisa njaga cangkem lan ilate, dadi ngreksa awake dhewe uwal saka karubedan
(21:15) Sanadyan emas lan mutiara akeh, ananging kang akeh pangajine iku lambe kang kadunungan kawruh kawicaksanan.
dening eNPe ,11Mar2016
Komentar
Posting Komentar