PAJAR RÊMÊNG

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BHCVY7jpy/

Pajar rêmêng anambut èsême diwangkårå

katõn trang pêpèrèngan lan tlågå

sato iwèn mibêr menclõk, kusumå mekrõk

asri lan sêgêring alam anambut ing wayah esuk.


Gusti Kang Murbå Wiseså, agung asmåNyå

pangriptå kang endah Pangèran Kang Må' Kawåså

patut sinêmbah konjuk Padukå

tan kêndhat sinung nugråhå umating manungså.


Oh, angaksåmåå kawulå kang mblasar datan tåtå

tinêbihakên saking pamiluting doså

Sih katrêsnan Padukå karumêntahnå

kawulå pun ambå sujud mangèstupådå.


Sanyåtå Sih katrêsnanNyå mring manungså

sayogyå samyå angaståwå Allah Må' Eså

rawuh twin manjing jroning nålå

limênging wêngi sirnå gumantyå plêthèking radityå.


JM, gagat bangun, 21225

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^] [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN