PRAKAWIS LARAHAN ADAMEL MUMET 😇
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1BTmUsRYWs/
Satunggaling pagriyan prakawis ingkang boten saged punsepelekaken punika prakawis larahan/uwuh/sampah. Warga pagriyan pendhak dinten tansah ribet ngatasi larahan (mliginipun tirahan bale griya) ingkang numpuk ing bak sampah jalaran tukang sampah langganan sampun boten kaconggah, boten kawawa nangani larahan-larahan warga. Punapa malih pinuju mangsa jawah ngaten punika 🌧🌦, bilih ngantos sadinten kalih dinten kemawon boten kaangkut dening grobak sampah, wah ganda boten sedhep saged adamel mumet estu. 😇😷 Panataleksanan sampah pancen prakawis kang katingalipun sepele nanging boten saged punsepelekaken. 👐
Bokmenawi ing pundi-pundi dunungipun pagriyan, boten punika pagriyan mewah, pagriyan rakyat, pagriyan kampung, prakawis bucal larahan pancen pendhak dinten dados PR (pekerjaan rumah) ingkang mrelokaken kawigatosan langkung. Inggih, boten namung pamong praja (RT/RW)/pamengku kampung, pagriyan, nanging masarakat sadaya kedah tumut ngupados ngatasi bab sampah punika, paling boten bucal sampah boten sembarangan sasekecanipun piyambak. 🫣
Sorogan : Kawuningana bilih ing jaman rumiyin, langkung saking 50 warsa kapengker dereng kathah cacah jiwa pendhudhuk, ing kampung larahan boten dados kawigatosan awit saben griya gadhah jogangan kangge ngobong larahan.
Dinten gumantos dinten, warsa gumantos warsa, jaman sangsaya majeng, tambahing cacah jiwa mbetahaken panggenan ngeyub nunten kasusul mbucal larahan dados prakawis kang adamel mumet. Utaminipun ing kitha-kitha kebak warga pendhudhuk wonten sampah sami pating besasik ing pinggir margi adamel kirang sedhep ing panyawang ketingal jember anjijiki angganda apek boten sehat.
Samangke ing sawetawis panggenan pagriyan wonten ingkang ada-ada punwontenaken gerakan bank sampah, punika pratandha sae saged biantu klawan lestantun panataleksananipun dening relawan pagriyan kangge njagi asrinipun wilayah pagriyan sehat lan nengsemaken.
Sumangga kita wujudaken gerakan resik-resik gotong royong nuju merangi bab sampah, murih saged anyipta wilayah asri, rapi, sarwa nengsemaken mawi program "go green" nanem taneman ing antawisipun pakawisan lan patamanan.
Nuwun, sugeng ngayahi jejibahan kang kaesthi, mugya sarwa kaleresan kang sinedya, sarwa peni kang dumadi, Gusti Allah ngijabahi sedya kita kang lumampah.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, lingsir wetan, 04225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar