GENOSIDA (pangreten, sejarah lan conto kadadean)

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1A6GoL6jhs/

Tembung Genosida wus ora aneh maneh ing pamireng kita.

Sering kita pireng setaun iki, wiwit anane perang antarane Istael karo kelompok pejuang Hamas Palestina.


Apa sejatine Genosida?

Kadudud saka ing KBBI, Genosida tegese pamusnahan (merjaya, memateni) gedhen-gedhen lan karancang marang sawijine wangsa utawa ras.

Dene miturut situs Museum Memorial Holocaust Amerika Serikat, Genosida yaiku tindakan klawan numpes lan ngrusak sabagean utawa sakabehe sawijine wangsa, etnis, ras.


Jinising tindakan Genosida

Tindakan Genosida awujud :

 numpes anggota pakumpulan, kang ndadekake bener-bener rusaking badan lan jiwa (mental). Kanthi anjarag (pancen sinedya) gawe kahanan urip ora nyenengake lan rekasa mring gegolongan masarakat tartamtu. Yaiku kanthi cara-cara anyegah kalairan, lan klawan peksan mindhahake lan misahake anak-anak saka pakumpulane menyang pakumpulan liya kanthi nistha, cecamah ora nganggo rasa kamanungsan.


Sejarahe Genosida

Kadudud saka situs resmi PBB, Raphael Lemkin sawijine pengacara Yahudi Polandia ing warsa 1944 ngupadi njlentrehake kawicaksanan panumpesan Nazi, klebu pamerjayan kaum Yahudi Eropa. Raphael ngenalke tembung 'genocide' Genosida klawan nyampurake tembung 'geno' basa Yunani tegese ras (suku) lan tembung 'cide' saka basa Latin tegese panumpesan.


Nuli Raphael ngenalake panyebutan genosida kanggo nanggepi kawicaksanan pamerjayan mring wong-wong Yahudi dening Nazi. Kejaba iku, sesebutan genosida uga duweni tindakan kang kaajap ngrusak lan numpes, nyirnakake gegolongan masarakat tartamtu.


Sabanjure Raphael Lemkin gawe kampanye (ada-ada ngenalke) supaya genosida kagolong klebu sawijining 'kejahatan internadional'. Taun 1946, Genosida ing kawitane diakoni minangka kadurakan adhedhasar ukum internasional dening Majelis Umum PBB.

Wusanane, Genosida dikukuhake dadi kadurakan kang mligi dhewe (kejahatan independen) ing Konvensi 1948 bab Pencegahan dan Penghukuman Kejahatan Genosida kang pangetrapane wiwit Januari 1951.


Kadurakan-kadurakan apa bae sing bisa klebu kadurakan Genosida miturut konvensi PBB 1948?

Kadudud saka giyaran BBC, kacathet ana telung kadadean Genosida yaiku :

1. Genosida Armenia, pamerjayan gedhen-gedhen masarakat Armenia dening Turki Ottoman (1915 - 1920)

2. Holocaust, kadadean pamerjayan gedhen-gedhen dening Adolf Hitler lan prajurit Nazi kang ndadekake luwih saka 6 yuta wong Yahudi pralaya/tiwas.

3. Genosida Rwanda, Afrika. Kadadean iki ndadekake tiwase masarakat Rwanda ngancik gunggunge +/- 800 ewu wong-wong Tutsi lan Hutu moderat ing taun 1994.


Dene sing kedadean pungkasan iki, sinebut-sebut ing perang antarane Zeonis Israel karo gegolongan pejuang Hamas Palestina, uga digembar-gemborake klebu kadurakan genosida marang masarakat sipil Palestina dening prajurit Israel.


Makaten kabar kawruh kang saged kaaturaken bab Genosida ingkang nembe kondhang /'viral' wekasan punika. Nuwun sewu kaaturaken mawi ngoko.

Matur nuwun 👏🤝


JM, gagat bangun, 09225

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]


kadudud saking sumber :

https://www.google.com/amp/s/news.detik.com/berita/d-6535207/apa-itu-genosida-ini-pengertian-sejarah-dan-kasusnya/amp


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN