KAMULYANING HYANG AGUNG
kapacak balèn såkå https://www.facebook.com/share/p/1PeVy6CGzu/
Langit anyarios lan ngumandhangakên
pakaryan twin kamulyaning Hyang Agung.
Siyang dalasan ratri samyå mêmujèkakên
gyå sumyak angucap sokur mring Asmanyå Kang Må Agung.
Datan wõntên pitêmbungan twin båså pangucapan,
ingkang bõtên kapirêngan.
Ing akåså ungêl lan swaraning nyrambahi
mring salumahing bumi.
Wånåwåså dalah sato kewan
samyå gyak-gyak mêmuji
Asmånyå Sang Måhå Wikan.
Linambaran Sih Katrêsnan tan upami
gêsang sêsarêngan ing kamulyan
Puji sokur rumêntah Sihing Gusti.
JM, sandyåkålå, 22225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar