KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN

  kapacak balen saka ing https://www.facebook.com/share/p/18TmQVctc3/

Ana kanca pitakon :"Coba bêdhèkên, gawean apa sing bênêr2 paling jujur?" Aku lan kanca-kanca liyane padha mangsuli nanging jare ora ana kang bênêr. 

Kanca mau njur cêlathu :"Sing bênêr yaiku tukang untu palsu !" Haha hahaaa...!! aku kabèh padha ngguyu. 🤪😜

Dhèwèke mènèhi pratelan dene wong-wong têtêp bae pêsên untu arêpa palsu. Amarga kajujurane, asil pakaryane diajèni lan dirêgani. Wong-wong gêlêm mbayar larang pancèn nora murah wragade gawe untu palsu.

Wus salumrahe dene ana panêmu yèn ta kajujuran sêpisan bae dilakoni malah kaya-kaya ora kaprêlokake. Mula biasane padha ngandhakake dene golèk wong jujur iku angèl utawa arang tinemokake.

Wus nora gumun manèh yèn ing kalangane pamarintahan akèh para pandhegane kang padha ngunthêt banjur katangkêp dening KPK lan kawirangake ing ngarêpe wong akèh.

Prêlu kita sumurupi dene sabênêre ing jroning kajujuran uwong bakal pikolèh kajèn kèringan lan kinurmatan.

Ing Wul Bêbasan 16:13 tinulis :"Lathi kang nglairake kabênêran andadèkake kêparênge Sang Prabu, sarta panjenengane ngasihi wong kang tetembungane jujur."

Malah ana sing duwe pamikiran sing sapa têtêmbungane jujur bakal tinêmu têlung prakara : kapracayan, katrêsnan lan kinurmatan / rasa kajèn.

JW, madya ratri, 290216

     -dening èNPé-


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊