SIH KADARMAN GUSTI

   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BQpTq6wY2/

Sih kadarman lan Sih kawelasane Gusti Allah iku sanyata ing samubarang prakara. Panjenengan-E maspadakake, angayomi sarta angirid lampahing gesang kita sawanci-wanci. Kabecikan-E datan kinira, malah senajan ta kita nglirwakake dhawuh pangandikan-E. Panjenengane tansah mbabarake, ngetingalake kabecikan-E. Sih kadarman-E tansah rumuntuh mring kita umat kinasih-E. Kawuningana dene Gusti iku Maha Pangasih lan Maha Welas ananging kita iki kang kerep banget monga-mangu mlengos saka ing ayunan-E krana ing batin kasaput bujuking dosa (kayadene mbutuhke bukti sacara kamanungsan-??).


Gusti Allah iku Maha Wikan, pirsa samukawis osiking batin manungsa. Manungsa kang ora ngrumangsani nampa kadarmanne Gusti malah seselak/cidra (ora ngakoni) katresnane Gusti, iku kang sejatine njalari Gusti ndhawahake bebendu/deduka mawa aruh-aruhan (teguran, bs.Ind) utawa kaelikake klawan alus nganti kang luwih gedhe awujud reribed, godha rencana, maneka rusak lan horeging alam.

 

Ing kamangka, kadarman / kabecikan kang ajeg padha, malah luwih gedhe dumadine, kaesokake/karumuntuhake jroning lakuning panguripan kita ing ngalam donya iki. Sakehing berkah kang tinampa ora gumantung ing sipat kaananing manungsa kang gampang gumlimpang ing panggawe dosa. Ananging Gusti ngarsakake kita manungsa abdi kinasih-E nedya ing pamratobat sejati gelem ngowahi panguripane saka palimengan satemah lumaku ing dalan kabenerane Gusti ngedohi tumindak blasar.


Tentrem rahayu kang tinemu,

bagas saras kang linaras,

bagya mulya kang sinedya,

Gusti amberkahi.... Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, madya ratri, 25225

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]


Jarwa kramane 👇

Sih kadarman tuwin Sih kawelasan-Ipun Gusti Allah punika sanyata ing samukawis prakawis. Panjenengan-ipun maspadakaken, angayomi sarta angirid lampahing gesang kita sawekdal-wekdal. Kasaenan-Ipun datan kininten, malah senadyan ta kita nglirwakaken dhawuh pangandikan-Ipun. Panjenengan-ipun tansah mbabaraken, ngetingalaken kasaenan-Ipun. Sih kadarman-Ipun tansah rumentah mring kita umat kinasih-Ipun. Kawuninganana dene Gusti punika Maha Pengasih lan Maha Welas ananging kita puniki ingkang asring sanget monga-mangu mlengos saking ayunan-Ipun krana ing batin kasaput bujuking dosa (kadyadene mbetahken bukti sacara kamanungsan-??).


Gusti Allah punika Maha Wikan, pirsa samukawis osiking batin manungsa. Manungsa ingkang boten ngrumaosi anampi kadarmanipun Gusti malah seselak/cidra (boten ngakeni) katresnanipun Gusti, punika ingkang sejatosipun anjalari Gusti ndhawahaken bebendu/deduka mawi aruh-aruhan (teguran, bs.Ind) utawi kaemutaken klawan alus ngantos ingkang langkung ageng awujud reribed, godha rencana, maneka rerisak lan horeging alam.

 

Ing kamangka, kadarman / kasaenan ingkang ajeg sami, malah bokmenawi langkung ageng dumadinipun, kaesokaken /karumentahaken salebeting lampahing pagesangan kita ing ngalam donya puniki. Sakathahing berkah ingkang tinampi boten gumantung ing sipat kawontenaning manungsa kang gampil gumlimpang ing pandamel dosa. Ananging Gusti ngarsakaken kita manungsa abdi kinasih-Ipun nedya ing pamratobat sejatos purun ngewahi pagesanganipun saking palimengan satemah lumampah ing margi kaleresanipun Gusti nebihi tumindak blasar.


Tentrem rahayu kang tinemu,

bagas saras kang linaras,

begja mulya kang sinedya,

Gusti amberkahi.... Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, madya ratri, 25225

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN