KABEBASAN KANG WINATESAN (tiyang bebas tetep punwatesi)

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1CtxaHhquQ/

Kabebasan/kamardikan (ing ngriki puntegesi boten wonten kang mengkoni) ngantos sapriki dados agul-agul ingkang asring pungembar-gemboraken tiyang. Awit sakingdene saged anggayuh kabebasan, tiyang nunten ngaji-mumpung daya-daya ngwedalaken tuwin ngetingalaken kakiatan, kadigdayan sasamudayanipun. 


Sasampun rumaos bebas/mardika, tiyang lajeng ngatur solah gesang sasekecanipun piyambak jalaran rumaosipun boten wonten malih tiyang sanes kang saged ngatur lan matesi. Lepya bilih gesang ing pasrawungan wonten tata cara pasrawungan sopan santun sosial ingkang kedah dipun ugemi.

Inggih, 'kontrol sosial' mujudaken wewengkon lan pangawasaning masarakat ing pundi kemawon dunungipun tiyang punika. Wiwit saking ukum adhad ngantos ing ukum nagari punika wewaler kang ngatur pagesanganing manungsa kang kedah punugemi sesarengan.


Ing wujuding wewaton, ukum utawi undhang-udhang punika kang dipun sarujuki dening para pehak golongan kang kedah samidene punugemi sanggyaning warga nagara klebet para pangreh praja inggih pamong kang pinracaya nglampahaken rodhaning pamarentahan. Sinten kemawon ingkang nerak, temtu pikantuk pangetrapan pepancasan ukum kang kedah punpikul, boten alit boten ageng panerakipun sadaya anggota masarakat kedah nampi kawusananipun (akibatnya, bs.Ind). Inggih makaten punika ingkang dipun kajengaken kabebasan kang winatesan, pramila tiyang bebas tetep punwatesi.


Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma' Kawasa, mugya Sih rahmating Panjenenganipun tansah manjing ing kita sanggya umat kinasihipun.... Aa-aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, parak enjing, 12225

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN