PANGRUSAKAN ALAM SOLAHING MANUNGSÅ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1A3vFHjLmL/
Gusti wus sinung nugråhå mring kitå
alam-donyå dalah saisinyå
tumraping panguripan kang srasi lan asri
imbal bali padhadene angrukti.
Såkå solahing manungså datan kinêndhalèn
kêsrakahan kang datan pêpetungan
alam dikêruk, dikuras êntèk-êntèkan
ora maèlu dinå esuke.
Alam wus ora manyêdulur manèh
salin kanêpsõn datan biså dènselaki
oh, lindhu lan banjir bandhang anrêjang
sinêbar bêbåyå angancam kauripan manungså.
Banjir manèh, banjir manèh
oh, ibå bangêt ngrepõtake
kapitunan datan biså dènselaki
nanging kitå kudu tansah mangucap sokur.
Bumi saisine, Gusti pangriptanyå
Padukå Gusti kang nåtå, endah asri.
Dhuh Gusti, katantingå gumrêgut kawulå
trêsnå Padukå, trêsnå riptaning Padukå.
JM, lingsir wêngi, 030225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar