SIMBOK MENYANG PASAR
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15u3iDGN2N/
Esuk iki hawané isih seger, srengéngé durung padhang banget. Ing desa cilik sing tentrem, Simbok wis tangi luwih risik tinimbang biasané. Dhèwèké nyepakaké sarapan, nggorèng tempe, nyawisaké wedang jahe anget, lan nata kranjang mligi kanggo menyang pasar.
Sawisé rampung sarapan, Simbok nganggo kebaya alus lan jarik sing resik. Ing kranjangé ana sayur asem, klapa, lan jajanan liyane. Nalika padha dandan, Rini, putriné sing ayu lan pinter, nyedhak lan takon alus, "Simbok, arep menyang ngendi kok macak peni?", takone Rini sajak karo gumun awit ora kaya biasane.
Simbok mesem, banjur mangsuli, "Simbok arep menyang pasar, Nduk. Arep dodolan asil kebon lan tuku kebutuhan pawon."
Rini nyengir lan ngesun tangane Simbok, "Ati‑ati Simbok. Aja lali oleh-olehe permen asem sing abang kanggo aku ya!... hehe heheee.."
Simbok mesem manis, nerangké, "Nggih Nduk cah ayu, yen ana rejeki, mesthi Simbok tuku." karo ngaras pipine Rini, pancen ana rasa katresnan ing pocapané.
Simbok mlaku tekan pasar liwat dalan satapak, krungu swara pitik, kumricike banyu kalenan lan ngrasake lingsir cahya srengéngé sing anget. Ing kono, dhèwèké ketemu karo kancané, Mbok Darmi. Padhadene guyon lan ngaruhke kabar panèn, kahanan desa, lan bocah-bocah sing saiki wis padha gedhé-gedhé.
Pasare wis wiwit rame. Simbok nggelarke dodolane, nawakaké sayuran lan jajanan kanthi praupan sumringah lan grapyak. Racake para sing padha blanja ketarik carane tawa-tawa iku. Sawisé kabeh dodolane entek, Simbok tuku beras, lenga goreng, lan… permen abang kanggo Rini anake sing ditresnani.
Ing omah, Rini wis ngadhang ngarep-arep. Ora let suwe, Simbok teka lan Rini langsung mbageke, "Niki Simbok!" aruh-aruhe karo mesem sumringah.
Simbok ngelus sirahé, banjur kandha, "Esemmu, Nduk, iku sing gawe Simbok paling bungah lan bagya."
Ing dina kuwi, sawijining kaluwarga ing desa ngrasakake rasa sokur, sambung rasa tentrem, lan rasa katresnan kang ngrembaka ing sajroning atiné.
JM, ngantyå èsême radityå, 26625
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar