PANGUPAYA BAKUL TEMPE

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1BksNWxG7p/

Ing sapinggiring desa alit simbok bakul tempe pendhak dinten damel tempe piyambak lan punsade ing peken kecamatan wetan desanipun. 

Sawijining enjing umun-umun kados adat sabenipun simbok bakul tempe tata-tata nedya mbekta tempenipun dhateng peken.


Nanging, piyambakipun kaget nalika nyumurupi tempenipun dereng dados taksih setengah mateng. Kamangka pekenipun bikak enjing lan menawi sapunika boten kasade, dinten punika boten angsal yatra kangge nyekapi kabetahan kulawarganipun.


Salebeting kuwur / bingung, goreh, piyambakipun lajeng ndedonga klawan sumungku nenuwun dhumateng Gusti Allah supados tempenipun salebeting mlampah dhateng peken ingkang kinten-kinten satunggal jam-an (amargi tebih) sageda enggal dados.


Kanthi estu-estu kebak pangajengan, piyambakipun mbuntel lan ngrukupi tempenipun mawi kain lan plastik ngangkah supados tetep anget. Ing lebeting manah, bakul tempe punika pitados  lan yakin bilih Gusti badhe ngijabahi donganipun.


Dumugi peken, piyambakipun nyelehaken tenggokipun nunten mbikak buntel tempe-tempenipun..., kocapa iba kaget tempenipun taksih dereng dados kadya nalika bidhal saking nggriya. Raosipun sedhih lan gela sanget rumaos donganipun boten kinabulaken. Wusana, piyambakpun mantuk boten pikantuk punapa-punapa.


Ananging, salebeting mlampah kepanggih ibu-ibu kang padatan dados lenggananipun lan ngendikakaken kaleresan nembe betah tempe setengah mateng badhe pungoreng dados mendhoan. Ibu punika mborong sadaya tempenipun klawan punregèni langkung inggil.


Simbok bakul tempe temtu ngucap muji sokur sanget. Piyambakipun kawiyak manahipun (sadar, bs.Ind), nadyan donganipun boten kinabulaken kadya ingkang punpengini, nanging Gusti maringi lintu lan kanugrahan ingkang langkung sae. Kadhang punapa kang kita anggep gagal, boten mangretosi punika margi tumuju rejeki ingkang langkung ageng, inggih amargi berkahipun Gusti piyambak.


Eliding carios bakul tempe menika kang saged kapethik :

1. Sampun ngantos mutung pasrah senadyan wonten ing kahanan kang boten jumbuh kaliyan pepenginan.

2. Tetepa ngupados lan ndedonga, nadyan punapa kang sinedya dereng ketingal.

3. Pitadosa bilih Gusti kagungan rancangan ingkang langkung sae katandhing punapa kang kita angen-angen.

4. Estu, kadhang kasil kang sinedya saged awujud beda kang datan kininten.

Salam tentrem rahayu ingkang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma'wilasa.... Aa__aamin A_aamin 🙏🙏


JM, pajar sidik, 02625

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN