MUKIDI PRIKSA DHOKTER TALIRASA (dr. Syaraf, Sp)
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1C7ZJN5gKa/
Sawijining dina Mukidi ngrasakake pikirane ruwet nganggo judheg. Kadhang lali jeneng bojone dhewe, kadhang nyebut kulkas nganggo sebutan "sayang". 𫥠Sidane netepke priksa nyang dhokter talirasa (dr. Syaraf, Sp).
Dhokter : "Mangga pinarak Pak Mukidi. Sing diraoske napa Pak?" đ«Ž
Mukidi : "Ngeten Dhok!. Wekasan niki kala-kala kraos aneh. Kala-mangsa kula ngobrol kiyambak, kadhang ngguya-ngguyu kiyambak tanpa sebab. Kadhang kula ngundang kucing tanggane mawi nami 'mantan' !??...pripun niki, Dhok!" đ« đ€
Dhokter (nyathet) ✍️ : "Hmmm... kadose enten gangguan ing sistim talirasa polo (utak) pusat. Napa nate supe bab-bab penting?"
Mukidi : "Nggih, Dhok! Wingi kula supe mantuk griya. Kula nginep ing pos rondha merga nginten niku griya kula (lha rak blaik nan iki!). Pas tangi, kula nesu-nesu merga semah boten ndamelke kopi ??.. Kamangka sing kula seneni niku pak RT!" đ€
Dhokter : "Wadhuh... iki cukup ndrawasi, ora bisa dianggep entheng (dhokter karo nggremeng dhewe)." "Kita kudu enggal priksa utak pak Mukidi, nggih!"
Mukidi (kaget) đ«Ą: "Lho..., Dhok! Kula mriki ajeng priksa, boten purun dibelek sirah kula! emoh.. emoh kula!" karo katon arep njenggirat mlayu.
Dhokter (sinambi ngguyu) : "Kajeng kula dipriksa ngangge alat MRI, Pak, Boten dibelek beneran!" đ€
Mukidi : "Oo.. boten dibedhah ta! Lah kintene kula ajeng dionceki kados serpis karburator montor.. haha hihi... nganti kula pun siap-siap mlajar teng pak dhukun mawon... hehe..hehe!" đ€Șđ€Ș
Dhokter : "Sseettt...đ€« boten sah kuwatir Pak. Sedaya saged ditangani kok! Anggere pak Mukidi boten ngundang kulkas "sayang" malih, nggih! saged perang Bratayuda sewengi muput!" đ«Ł
Mukidi : "Boten saged, Dhok! Soale kulkas niku setya, saben kula buka, kiyambake mbageke kula kanthi anget! padhang njingglang!" đđ
Ooo.., dhasare Mukidi yen ora mbanyol kok ora ilok.... hhmmm....đ€Łđ€Ł
Ringkesing crita,
Sejatine si Mukidi butuh perawatan.... nanging uga butuh kekepan, rangkulan sing ngangetke jiwa-raga! đ đ« đ€Ș
JM, lingsir dalu, 16625
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar