PANGÕN SÊJATI KÊBAK KAMULYAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16fya9XFuT/

Ing ngare lumaku datan sabåwå

esuk grêgut angiring mendå.

Alus jumangkah mrabawani ing tutur båså

sagunging kamulyan tansah nggèndèng nålå.


Sêsidhêman ing wicårå, 

nora kêmaruk ing pangalêmbånå.

Sihnyå nyåtå ing solah båwå

pangõn sêjati kêbak kamulyan ing sumõrõting cahyå.


Amadhangi limênging rat måyå

pêpajar mring kang kaêngõn sanyåtå.

Ambêktå katêntrêman jagad råyå

siningkur saking prå duratmåkå.

 

   Mugyå gêsangnyå ånå jroning wêwêngkõn

   lan panuntune Sang Hyang Manõn.

   

JM, gagat bangun, 12625

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN