PAK TUWÅ TUKANG SÕL SÊPATU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16fo2TZHsG/
Ing põjõk pasar pinggir warung sate
Pak Tuwå lungguh gêthu but gawe.
Tangan kriput kêbak tatu tuwå
njait tlapak trompah ngrakit critå.
Sabên bolah katarik alõn mbrõjõl
nora amung ngrakêt cikal sõl.
Ning ugå pangarêpan kang kaèsthi
tumrap kang trus lumampah pinêsthi.
Sêpatu rusak lir-gumanti praptånyå
sinambut sumèh tan nate ngrêsulå.
Nora akèh wicårå, nora nyadhõng pinuji
srêgêp grêgut pinångkå swårå ati.
Pak Tuwå, sirå dudu pahlawan gêgaman prang-yudå
ning kapi-adrêng buwang wêktu siså yuswå.
Sabên langkah sêpatu kang kõkopèni
sinêlip yasan kang sêring sinupèkake puniki.
Ibå gumunku tanganmu prigêl lan roså
ugå landhêping pandulumu kang kêbak råså.
Jroning kêsaput lêbu kõktuladhani kawicaksånån
lamun mêmpêng tumandang, biså mijil kasampurnan.
JM, pangalêmbånå råså, 28625
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar