PRELUNIPUN KAULETAN, TEKAD LAN KEYAKINAN
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18yrJwX7cu/
Manungsa gesang boten saged ngendhani saking momotan ingkang dados tanggel jawabipun. Lumantar nyanyian saged minangkani sarana ngedhaleni isining manah lan gagasan raos, ngesupenaken samukawis sesangganing gesang kang punraosaken awrat temah saged mbangun semangat enggal.
Pranyatan punika ngemutaken mring kita bab prelunipun kauletan, tekad lan kayakinan salebeting nglampahi darmaning gesang. Senadyan makaten salebeting nglampahi sawernining pacoban, rekaosing bot-repoting gesang, sayogya kita tansah mituhu saha ngugemi kapitadosan kita mring Gusti Kang Ngawengku Gesang inggih Gusti Kang Murbeng Wisesa. Kita dipunwucal supados tansah ngandhelaken kekiyatan kuwaosing Allah salebeting saben jangkah tumapaking gesang ing kawontenan punapa kemawon, sisah utawi bingah, ngunjukaken puji sokur wonten ing samukawis kawontenan, punika sampun mesthi lan kedah puntindakaken.
Samangsa manggihi reribet, godhan lan pepalang sinten ingkang dados andhelan kita? Saben wonten tantangan, pepalang punika saged mujudaken wewengan wekdal (kesempatan) tumuwuh saha nggegulang ngudi pitulunganipun Gusti.
Salam rahayu kang tinemu
bagas saras kang linaras
mugya sih rahmating Gusti kang tinampi... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, gagat enjing, 23625
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar