AJA MUNG PASRAH MARANG KAHANAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16qzRELBP6/

Ana bocah cilik jenenge Niko sing manggon ana ing sawijining desa ing lembah gunung. Pendhak dina, Niko mlaku adoh menyang sekolah, liwat dalan ndeder lan alas kang rungkut. Nanging dheweke ora tau ngresula, malah tansah semangat sinau.


Mulih sekolah, Niko kerep ngrewangi bapake tandur pari lan ibune nggarap kebun. Nadyan uripe prasaja, Niko nduweni impèn gedhe, pengin dadi guru kanggo mbiyantu anak-anak desane sinau.


Lumakuning wektu, Niko tetep sregep. Panas, udan, angin, ora kendho tekad lan semangate. Dheweke uga seneng maca buku sewan saka perpustakaan sekolah. Guru-gurune nganti kagum, gumun banget, amarga bocah cilik kuwi pinter lan ngajèni sapa bae.


Sawijining dina, ana tandhing pidhato antaraning sekolah-sekolah. Niko wani melu, sanajan mung nganggo klambi prasaja lan sandhangan lawas. Nanging pidhato Niko  babagan prelune pawiyatan/pendhidhikan lan rasa sokur mencutake ati, nggèndèng ati gawe juri padha trenyuh nangis. Dhèwèke kapilih dadi juara siji.👍


Kabar iki sumebar nganti tekan Kabupaten. Pamarentah Kabupaten maringi beasiswa kanggo Niko nganti ngrampungke kuliah. Taun-taun candhake, wusanane Niko bener klakon dadi guru. Dhèwèke bali menyang desane lan mbukak sekolah cilik kanggo anak-anak sing sarwa kurang kacukupan ekonomine.


Niko mulang nganggo ati lan katresnan, ngajari anak-anak desane ngimpi luwih dhuwur, kaya dhèwèke biyèn.


Piwulang saka cerita iki:

> "Aja mung pasrah marang kahanan. Tekad lan niat becik bakal nggawa berkah lan migunani kanggo wong akeh."


JM, lingsir dalu, 19625

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN