BOCAH MULYA ATINE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GvvtxWe6r/

Bocah wadon jenenge Gendis klas 4 SD manggone ing kampung cilik pereng gunung. Bapake buruh tani, simboke mider dodol goreng-gorengan. Kulawarga iki klebu uripe pas-pasan, nanging si Gendis tansah katon sumringah.


Pendhak dina sadurunge budhal sekolah, Gendis nimba banyu sumur lan ngrewangi simboke mbunteli gorengan. Banjur dheweke mlaku menyang sekolah dohe 3 km-an. Sandhale wus amoh, tas-e suwek, ewasamono Gendhis semangat banget anggone sekolah.


Ing sekolah, Gendis kerep nggawa sangu saanane, sega tempe utawa kadhang mung lawuh krupuk. Ananging nalika kancane sabangku, Jojo jenenge, ora nggawa sangu merga ibune gerah. 

Gendis ambage sangune paroan karo Jojo, "Kita mangan kembulan bareng ya, ben tambah enak rasane!" celathune Gendis marang Jojo.


Iya kaya mangkono iku Gendis, dheweke kerep mbiyantu kanca sing lagi kasusahan, njupuki larahan ing klas tanpa dikongkon, lan tansah ngucap matur nuwun nadyan kanggo bab-bab cilik.


Sawijining dina, wali kelase, bu Rina sesidheman ngundang wong tuwane Gendis. 

Ing ngarepe wong tuwane, bu Rina ngendika : "Anak iki... bocah mulya atine. Gendis ora mung pinter bae, nanging nduweni ati kang luhur bebudene, seneng aweh pitulungan marang wong liya. Sekolah lumantar para guru ngejokake beasiswa komplit, mulane Gendis prelu dibiyantu supaya bisa tetep lan terus sekolah."


Wong tuwane Gendhis mbrebes mili nangis lan angucap sokur lan ora ngira yen tumindak kabecikane Gendis bisa nggendeng atine wong akeh.


Dina iku, Gendis mulih sekolah klawan mesem sumringah ora kok amarga oleh beasiswa, dheweke matur Ibune : "Bu, Jojo mengko uga bisa melu les, aku pengin kanca-kanca saklas bisa terus sekolah."


Gendis bocahe cilik, nanging atine... luwih jembar tinimbang gunung sing ngupengi kampunge.

Salam rahayu sagung dumadi 🤝🙏


JM, pajar-sidik, 09625

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN