BAKSO SETAN

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AiZYgPiHW/

Sawijining bengi, Jono lagi lungguhan ing emper ngarep omah nalika krungu swara sing ditunggu-tunggu.


 "Bakso... baksoo!..., Bakso Setan!"


Klawan semangat... Jono mlumpat mlayu metu ngendheg si tukang bakso.

Jono : "Abang! bakso samangkok ya, ning sing pedhes banget lho!"

Tukang bakso: “Siap Mas. Ngersake tataran (level) pinten?

Jono : "Level satus! sisan kanggo nguji kewanen! (nyali)", pratingkahe sajak sok-sokan kae.

Tukang bakso mesem cengar-cengir nyalawadi, "Nah, iki lagi entuk tantangan!"

Pirang menit sabanjure, samangkok bakso pedhes teka. Jono tanpa ba, bi, bu... langsung nyerbu baksone karo nggaya sok jagoan. Kocapa...!?... lagi sasendhok, raine katon abang mbranang kaya kesomot mawa panas, mripate kaca-kaca mbrebes mili, lan wiwit watuk-watuk ora karuan.

Kanthi susah payah, dheweke ngucap, :"Bang, iki lomboke pira!?"

Tukang bakso : "Ha nggih mung siji Mas!" đŸŒ¶đŸŒ¶

Jono :"Hah?! Siji? Loh kok puanase ing cangkem kaya nang neraka?!

"Lho, wau turene mase sing pedhes banget, lah ya takwehi lombok Abang đŸŒ¶đŸŒ¶ saking neraka beneran, Mas!", saute tukang bakso kalem karo cengar-cengirđŸ€ȘđŸ€­


"Oo ho...trembelane!, dhasar tukang bakso Setan!", gremengane si Jono jagoan palsu....

 "Hehe hehehhh! Bakso Setan dilawan!" grememenge tukang bakso ora gelem kalah.


JM, parak esuk, 14625

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN