BOCAH ANGON MULYA BEBUDENE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AsL4gXXJV/

Ing perenging gunung Merbabu, urip bocah lanang arane Thole. Dheweke dudu anake sesepuh desa, dudu anake kepala kampung, dheweke mung bocah angon sing pendhak esuk nggiring wedhus-wedhus duweke tanggane menyang ara-ara pasuketan.


Senadyan urip sarwa kekurangan, si Thole duwe kaluwihan sing bisa gawe wong sadesane nggemateni lan nresnani yaiku awit saka akhlak utawa luhur bebudene.


Saben-saben ngliwati omahe warga sing wus sepuh utawa nandhang sesakit, dheweke nglegakake rewang-rewang, kaya ta nggolekke kayu bakar, nggodhoke banyu wedang, ngisi banyu jedhing lsp. Ora tau njaluk opah. "Yen kita bisa enthengan tetulung, bau isih kuwat, kenapa mesthi kudu ngenteni dikongkon?", osiking batine si Thole.


Sawijining dina, desane lagi ketaman paceklik lemah garing kasatan. Sesuketan padha garing, kewan ingon-ingon padha kaliren. Akeh tukang angon liyane padha ngumbara ninggalake desa, nanging si Thole panggah ora ninggalake kampunge.


Dheweke wiwit nggiring kewan-kewan angone mlaku adoh luru sumber banyu sing rada ndhelik ing walike alas cilik. Kewan-kewan angone diejarake ngombe sawarege. ora lali si Thole ngisi banyu jrigen plastik sing dikalungke ing gegere sapi. Banyu jrigen iku nedya diedum utamane kanggo warga sing wis sepuh.

Si Thole ngajak uga bocah-bocah desane, ngajari / nglelantih carane maca arah angin, niteni lan ngenali suket liar sing bisa dipangan lan ngopeni kewan klawan sabar. Masiya kesel, dheweke tansah mesem lan nglipur kanca-kancane.


Sawijining esuk. piyayi sepuh ngagem jubah sarwa putih rawuh ing desane mireng yen ana bocah angon sing ora kenal kesel lan seneng mbiyantu.


"Thole, jenengmu kondhang semerbak arum.", ngendikane pak sepuh iku. "Apa sing ndadekake sliramu tetep ora ninggalake kampungmu, kamongka sliramu bisa bae lunga golek panguripan kang luwih apik lan kepenak?"


Si Thole mangsuli lirih, "Kula sanes sok sintena, nanging menawi kula saged dados lilin cahya alit kangge warga ing ngriki, mbokbilih gesang kula boten muspra."


Pak sepuh iku mesem, jebul piyambake iku sawijine dwija kang wicaksana saka kutha. Piyambake nawani si Thole sinau ing pawiyatan kang luwih dhuwur supaya kabecikane lan budi pakertine si Thole bisa tuwuh lan kawruhe luwih jembar.


Si Thole sidane budhal, ora kok niat ninggalke kampunge, ananging ing tembene bakal bali kanggo mbangun desane.


Iya kadya mangkono iku...., kocapa bocah angon sing biyene katon ora mbejaji kang mulya bebudene tuwuh dadi pandhegane desa kang arip-wicaksana. Dheweke tetep lembah manah, apik atine, orang kumalungkung. Tetep seneng aweh pitulungan lan dadi panutan marang wargane.


Eliding crita,

>Kabecikan ora kudu dumadi saka wong gedhe. Malah bocah angon bisa dadi lilin pepajar yen atine kebak asih lan tandang tanduke tulus datan pamrih.


Salam tentrem rahayu 🤝

Gusti amberkahi.. Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, parak esuk, 10625

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN