MUKIDI GAWE ULAH ING WARTEG
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18ggnD8xHt/
Wanci awan hawane panas banget, Mukidi mlaku kalem tumuju warteg ing pinggir dalan. Wetenge kroncongan, mripate blalak-blalak ndeleng etalase kaca sing kebak lelawuhan sajak ngawe-awe : rendhang, ayam goreng, tempe orek, sambel trasi, ndhog dadar lan sayur lodheh isih kemebul.
Tanpa ba, bi, bu, Mukidi nuli nudingi, :"Bu, sekul satunggal..., rendhang kalih, ayam sepotong, orek tempe kaliyan lodhehe nggih. Oo..nggih, sambele sing kathah nggih, kersane mak nyoss..!"
Bakul warteg manthuk-manthuk sinambi nyendhoke sega salawuhane nyang piring. Mukidi lungguh klawan ndemenake telap-telep karo sesepisan nyruput es teh legi. Piringe entek ludhes cepet banget mung etungan menit wae.
Rampungan mangan, Mukidi mlaku menyang kasir, ngomong karo mesem lan teteg : "Bu. kula nedha sekul kalih sayur lodheh mawon tambahe es teh! Pinten Bu?"
Bakule gumun (heemm.. karo nglirik piringe kosong sing maune kebak lelawuhan), : "Eh.. lho, mau rak ana rendhange loro, ayam goreng siji, uga orek tempe..???"
Mukidi enggal pasang rai polos ngomong mantep kae, :"Loh.. iku kabeh dudu aku sing mangan Bu. Lawuhane sing mara dhewe nyedhaki aku, aku mung meneng ngerti-ngerti rendhange ilang digondhol kucing pa ya..??" 🤪🤪
Bakule warteg setengah nesu ning ngempet ngguyu ngadhepi ulahe Mukidi, ning tetep tatag : "Mas! Iki warteg, dudu panggung sulapan (karo ngathung-ngathungke enthong.) Kene bayar, yen mangan telung lawuh ya bayar telung lawuh!" karo ngagag-agagi enthonge.
Mukidi tetep wae ngotot aliyas ngeyel, :"Bu, kula nedha ngangge cinta, ora napsu, dadine rendhange melu cinta, dudu melok rega!."
Bakul Werteg, "Cinta, cinta.., gundhulmu peyang!"
Sidane, merga wartege lagi rame, sing padha njajan liyane padha melu ngguyu ngiwi-iwi si Mukidi, "Hu huuuu...dhasar tukang kemplang, mangan telu ngaku sitok...!" bakul warteg mung pasrah.
"Ya wis kana ndang minggat lungaa, yen terus-terusan kaya kowe ngene iki bisa bangkrut warungku! yen ora ndang lunga tak lapurna pulisi!", panggetake bakul warteg saking muntabe.
"Pulisine kakangku je, ora kodal!" ngono wangsulane Mukidi karo ngelungke dhuwit saanane.
Mukidi nyengir sambi oncat lunga karo ngomong, "Bu, mengko takwara-wara promosi warteg iki ben viral. Jare viral iku regane luwih larang ditandhing rendhang!"😀
Tobil-tobilll...., Mukidi bisa wae! Dhasar Mukidi senenge gawe ulah!
Ayo mesemm kecut,..... tamba ngantuk... 🤪😝
JM, madya raina, 24625
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar