SEPATU PARINGANE BAPAK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16Mb7Fc4GM/
Ing sawijining dhusun, urip ibu lan anake (12 taun) jenenge Panjul. Bapake wis kapundhut Gusti rong taun kapungkur awit kacilakan ing pagaweane. Wiwit iku, ibune gregut/mempeng nyambut gawe nampa jaitan kanggo nyukupi kabutuhan pendhak dinane.
Panjul saben dina budhal sekolah nganggo sepatu sing wis amoh, warnane lethek, tapak sepatu ana sing bolong-bolong. Senadyan kerep dibebeda/dipoyoki kanca-kancane, Panjul mung bisa meneng bae. Dheweke ngerti Ibune tansah tekuk-ringkel kanggo urip padinane.
Sawijining dina, sekolah nganakake tandhing nulis layang kanggo wong tuwane.
Panjul gawe layang kanggo Bapake,
> "Bapak, kula kangen sanget. Kula pengin crita kathah bab sekolah. Ugi bab sepatu lami kang sejatosipun sampun boten pantes, nanging kula tetep ngangge awit ngendikanipun Ibu kita kedah ngopeni kanthi temen punapa kang kita gadhahi. Kula janji badhe dados lare kang kiyat kados Bapak. Nyuwun donga pangestu supados ing tembe kula saged adamel bagya Ibu."
Layang iku agawe para guru trenyuh lan padha mendel. Nuli guru wali kelase Panjul maosake layange Panjul nalika panutupan acara tandhing. Akeh wong tuwa murid lan murid-murid liyane padha mbrebes mili ngrungokake.
Sabanjure dina-dina candhake, kepala sekolah nimbali Panjul lan maringake sawijine kothak, ing jerone isi sepatu anyar sapasang lan ana sapotong layang, isine,
> "Panjul, tampanana iki tandha asih saanane saka bapak-ibu guru. Terusa ya dadi anak sing kuwat lan kebak semangat! Bapakmu mesthi bombong!"
Panjul nampani karo ngekep kothak iku klawan netesake eluh ing mripate. Dheweke mulih nuli ngrangkul Ibune, dudu kok merga sepatune anyar, nanging merga dheweke ngrasake dene ing donya iki isih akeh uwong apik lan Bapake tetep sugeng ing njero atine. Karo mbrebes mili swaraning ati Panjul, "Matur nuwun! awit keparengipun Gusti punika sepatu paringipun Bapak!" 🫴
Bagya ya Panjul, sing sregep sinau mugya dadi anak sing bisa nuladhani anak-anak liyane lan migunani kanggo wong akeh. Tetep semangat! ✊️👍
JM, pletheke srengege, 05625
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar