GUSTI ALAH ESTU MAHA ADIL LAN MAHA WISESA

    kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/16GfmNueS4/

Para sutresna gegladhen basa Jawa, punika wonten seratan (ingkang sumebar ing medsos), duka leres punapa boten lan duka sinten ingkang nyerat sepisanan lan narik kawigatosan. Ingkang cetha bokbilih wonten pigunanipun, kula badhe ambage pengalamanipun tiyang sanes ingkang nandhang sakit ginjel, saged mantun awit saking ngunjuk, nginum toya klapa ijem.


Kadospundi larah-larahan critanipun? makaten :

Ing warsa 2001 sonten magrib, kula ngraosaken sakit sanget nalika badhe bebucal toya (pipis), kraos mampet, gumrobyos, benter-asrep ngempet sakit. Toya pipis abrit ngandhut getih, raosipun boten kantenan. Pranyata menika ingkang punwastani 'sakit batu ginjal' salajengipun kasebat sakit watu ginjel.


Saderengipun, kula nyumurupi kangmas kula ngantos muwun gero-gero nandhang sakit sami kaliyan ingkang kula alami.

Sasampunipun ngunjuk werni-werni obat boten kodal (ora ndayani apa-apa), kangmas kula estunipun pikantuk resep ampuh, resep para leluhur.

Kula sampun nyobi resep wau estu saged mantun, boten ngangge dangu. Bakda Magrib kula ombe, enjing Subuh nalika bebucal pipis mak byoorr kraos lega. Ing padharan entheng ...Puji sokur Gusti paringipun usada ingkang ageng punika 🙏


Wekdal mantuk dhateng kampung, wonten kerabat kacarios badhe oprasi watu ginjel, raos sakitipun nemen sanget punapa malih tambah mumet mikiraken wragad oprasinipun.

Kula sanjang : "Kalem wae mas, ora usah sumelang!"

"Ora sumelang piye, won larane kaya ngene, gek isih durung keklumpuk dhuwit kanggo wragad operasine", ngaten wangsulanipun krabat wau.

Banjur kula sukani resep ampuh pangremuk watu kristal ginjel.


Wekdal setaun candhakipun nalika kula kepanggih piyambakipun crita klawan kebak sukarena. Resep ingkang kula bage sampun saged nyingkuri, mbebasaken saking meja oprasi. Crita wau adamel kondhang (viral) ing kampung.

Makaten, saben wonten tepangan ingkang nandhang sakit watu ginjel, kula sukani resep wau.


👉 Nah... menika resep pangremuk watu ginjel ingkang ampuh.


🫴Mangga katuran methik piyambak utawi mundhut klapa ijem ing peken. Supados boten repot, mundhut tulung bakulipun mapras sepetipun ngantos resik bathokipun ngangkah nggampilaken anggenipun masak. Oo inggih, prelu kita mangertosi menawi klapa ijem punika warnanipun sepet malah abrit lho!.



✍️Caranipun masak✍️ :

Godhog toya ing panci ngantos umob, lajeng klapa ijem puncemplungaken, panci pun tutup, kompor punpejahi lan punkendelaken watawis 10 dumugi 15 menitan. Ugi klapa punwolak walik ngangkah saged wradin benteripun.


Sasampunipun 10 menitan klapa pun pendhet nunten bathok punbolongi, toya punwadhahi ing gelas utawi cangkir lajeng pununjuk. Salajengipun katuran ngaso sare, enjing wungu kraos bebucal ing wingking kraos mak byooorr turasipun.

Ketingal warna toya turas pethak susu, punika amargi kristal watu ginjel ingkang ambyar katut toya pipis. 

🫴Mangga pundamel kaping kalih utawi tigang dinten ngantos estu toya bucalan turas bening malih nelakaken sampun dhangan saking momok watu ginjel 👍

Makaten pengalaman kula kaping kalih sampun mantun.👍


🫴Sumangga menawi badhe puncobi, mugi estu migunani kita ingkang nembe nandhang sakit watu ginjel. Sinaosa kita sehat boten wonten awonipun saged puncobi kangge ngresiki ginjel.


Gusti Allah estu Maha Adil lan Maha Wisesa🙏

* Tiyang sugih, 

Usada jejampi ngantos dumugi negari ngamanca kang tebih.

* Tiyang miskin, sarwa kekirangan,

Usada jejampi cekap namung ngombe toya klapa ijem saged pulih mantun malih sehat saras.

Puji sokur Gusti.., berkah kanugrahan Paduka🙏


Nuwun, matur nuwun kula kepareng ambage carios pengalaman punika 👏


JM, lingsir dalu, 07625

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN