TENTREM RAHAYU TUMRAPING ALAM-DONYA -pangajeng-ajeng-

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19rH734HWf/

Têntrêm rahayu tumraping alam-donyå

ora pådhå mêmungsuhan, pangrusakan kandhêg sêdhelå

prå pangungsi bali mulih omahirå.

Såpå paring tulådhå, ayo pådhå jawat astå. 🤝


Têntrêm rahayu tumraping alam-donyå

ora ånå manèh panacad lan pamådå

ora ånå rêgêjêgan nanging samyå angaksåmå.

Såpå paring tulådhå, ayo pådhå jawat astå. 🤝


Têntrêm rahayu tumraping alam-donyå

pangucap lêlamisan wus sirnå, 

dumadi trêsna-asih guyub rukun samyå.

Såpå paring tulådhå, ayo pådhå jawat astå. 🤝


Para kadang sutresna, reroncen tigang pada gurit punika sakingdene kaprihatosan kita minangka umat titahing Gusti ngawuningani wontenipun paprangan ingkang nggegirisi dumadi ing lowahan bumi puniki.

Memengsahan dening saperangan panguwaosing satunggaling negari ingkang srakah saking bebujuking kadurakan iblis, ngantos kamitegan merjaya sasama umating Gusti. Sanget ngiris raosing nala sinten kemawon ingkang taksih nggadhahi raos kamanungsan. Awit saking kedadosan punika saged kawastanan lan kaecap bilih sang panguwaos estu ambek-siya numpes satunggaling golongan/ras bangsa kang sinebat pamusnan "Genosida". Ingkang dados kurban boten namung saradhadhu kemawon nanging seranganipun nasar dhateng masarakat, nyirnakake tiyang sepuh, ibu-ibu dumugi lare-lare alit. Sinaosa samangke nembe kendel lan mendha anggenipun angkat bedhil, nanging kadosipun namung sawetawis wekdal samidene tukar ijol-ijolan tawanan perang. Ngantos kapan anggenipun mendel angkat bedhil dereng temtu saged kalajengaken dumugi karukunan sayektosipun.


Ing pangajeng-ajeng, mugya katentreman sayektos sageda winujud tuwin sageda ambekta karahayon salaminya...

Gusti amberkahi.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, esuk kêkês, 29125

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 




Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN