SI BEJO TUKANG MBANYOL

    kauggah uga ing https://www.facebook.com/share/1A7yEt9Q84/

"Haee... dulur-dulur, kenalke jenengku Bejo sing ora tau beja". "Aku cah ndesa ning ora ndesani."

(Yen para penonton padha ujar.. wuiiiuiiiihh..(ngumyang) diwangsuli ae : aja ngessess..seett ....sampeyan dudu ula! ) 🤫

  "Masiya wong desa, bapakku pamong desa, pejabat tinggi ngono loh, aliyas tukang menek klapa!" 🤪

  "Simbokku wanita karer loh, gaweane dodolan janganan mider kampung." 🤫

("Suwit suwitt...Yen disoraki lan diguyu penonton, ejarke ae nganti guyune mandheg dhewe.")


"Aku duwe pengalaman kerja wokeh, wiwit seka ndhek-dhekan nganti tekan kuli bangunan tingkat 22... heheheee...." 🤪


"Bisa diarani aku iki wong ora gelem meneng, dadi mbutgae-ne pindhah-pindhah..!"

"Ning cilakane yen bayaran, dhuwite pindhah-pindhah nang tangane wong liya kanggo nyaur/bayar utang.."🤭


"Sepisanan aku butgae nang perusahaan keren (kondhang) ing ibukota."

(Yen para penonton padha ujar.. wuiiiuiiiihh..(ngumyang) diwangsuli ae : aja ngessess, sampeyan dudu ula!)🤫

"Aku ora krasan/betah butgae nang kono,.. lhoh kok isa? iya, merga wong-wonge senenge nggosip!"

"Sing ngisoran (bawahan) senengane ngrasani ndhuwuran (atasan), dhuwuran ngomongi ngisoran."

"Nah,. aku dadi ketularan senengane ngomongi atasan sing ora (ma)nganggo bawahan... heemm jok ngeres 😝😮‍💨... lha ya piye ta wong bawahane isih keri nang pasar grosir Tanah Abang je.., durung dibayar."

Oo walahh Bejo - Bejo, mulane ora tau beja awakmu lha wong ngeres terus pikiranmu.... heheheee 🤪🤪🤪


  "Aku saiki mbutgaene mung nggoyangke sikil, ning entuk dhuwit seka ibu-ibu tangga teparo... lha piye jal.. wong gaweanku njahit seragam sekolah... heheheee," 😜😜 ... "Suwening suwe sikilku pegel dadi ora betah, pindhah gawean meneh."


  "Nang gawean sing anyar iki tugase keren loh bisa ngatur-atur wong liya, ning nang kanthong sing akeh dhuwit recehan... hemmm aku dadi tukang parkir nang pasar cedhak ngomah..." 😜😝


Kira-kira let sesasi si Bejo, mandheg dadi tukang parkir, alesane biasa ora krasan. Wusanane dheweke pindhah gawean meneh.

Critane mengkene, clathune si Bejo,

  "Gaweanku pindhah meneh, pingin 'duduk manis' ae, updet status ning dhuwite mili terus, sidane aku pilih dadi petugas jaga WC Umum... jiahh.. nang kono aku ora tau nggawa dhuwit akeh, recehan meneh!..."

  "Bosen aku!, njur kepeksa mandheg lehku mbutgae... ya pungkasane... nganggur meneh... pengangguran sing dadi nasibku... huhuhuuu... ampun ampun..." 🙏🙏


Bejo.. Bejo, pancen ora tau beja awakmu! Isih luwih beja sing maos tulisan iki, karo mesam-mesem ning aja mesem terus-terusan... si Bejo nyuwun ngapunten nggih para pamaos.. 🫰🫲👏 mbanyol sedhelok ben ora sutriss.... hahaaa 🤣🤣


JM, madya raina, 22125

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN