✨️ TUMAPAKING WARSÅ ENGGAL ✨️

   kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/14YFPcpDbS/?mibextid=oFDknk

Wus dugèng wancinyå kita nilar warså lami,

gyå napaki panjangnyå warsi enggal puniki,

nadyan datan sagêd anggrahitå mring kabagyan kang kaèsthi,

nanging sih rahmating Gusti kitå samyå basuki.


Warså enggal nelakakên gung sih rahmat,

mrih tyang doså samyå mratobat,

yogyå kitå ngudi urip mursid sayêkti,

mbangun turut, ajrih asih mring Gusti

wit Sihing Gusti wus kababar yêkti.


   🎆️ SUGÊNG WARSÅ ENGGAL 🎆


Salam têntrêm rahayu kang tinêmu

samyå lumêbêt ing margining kalêrêsan satuhu

tansah tinuntun ing astå Sang Hyang Wisnu

tinêbihkên sing bêbêndu twin rêridhu.

Aa_aamin  A__aamin 🙏🙏


JM, lingsir wêngi , 010125

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN