SINENGKUYUNG SESARENGAN -gotong royong-
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1AELAsUntU/
Samangsa piyambakan ngayahi/nandangi pedamelan pikantukipun namung sakedhik, kosok wangsulipun menawi sinengkuyung sesarengan saged nglebaraken/ngrampungaken prekawis langkung ageng.
Pranyatan punika mratelakaken dene menawi kita sagolong sapikir, saekapraya tumunten saged ngrampungaken prekawis-prekawis ingkang langkung kathah lan senadyan awrat kados punapa kemawon, sarekaos-rekaosipun damelan tuwin sakathah-kathahing bapang/palang menawi sinengkuyung/kapikul sesarengan tamtu saged langkung entheng sangganipun lan sarwi gangsar kelampahanipun.
Gegayuhan ingkang sarwi gangsar anggenipun tumandang tamtu adamel kemareman. Asiling gegayuhan kasebat namung saged kita gayuh menawi kita klawan sukarena sarta eklas anggenipun ngayahi/nandangi sesarengan.
Patrap blaka punapa wontenipun lan kajujuran anggenipun nyengkuyung sesarengan klawan sae lan sehat kedah kawiwitan saking dhiri pribadi kita. Ngetingalaken matrapi adrenging kasedyan kita anggenipun ajen-ingajenan, samidene pitados, samidene ambiyantu lan nggadhahi raos mbetahaken antawis satunggal lan satunggalipun, sadaya kalawau mujudaken wewaton ingkang samidene kedah netepi ing antawisipun para kang samidene anyengkuyung sesarengan (gotong royong).
dhemen sung pangapura, nyirik piala,
nging samya silih ngalah, mbabarken tresna tansah,
nulad ing sihe Allah mring sagung titah.
Rukun gawe santosa, crah mung bubrah wohira,
ngestokna sabdeng Gusti, tresna sesami.
Nadyan pamanggih beda, nging tan samya sulaya,
olah kawicaksanan, tan nang-menangan.
Salam tentrem rahayu ingkang pinangkanipun saking Gusti Kang Maha Asih mugi kajiwa lan kasarira mring kita (panjenengan lan kula). Gusti amberkahi.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, gagat bangun, 12125
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
ngoko :
SINENGKUYUNG BEBARENGAN
Samangsa dhewekan nandangi gawean pikolehe amung sethithik, kosok baline yen ditandangi/sinengkuyung bebarengan bisa nglebarake/mungkasi prekara luwih akeh.
Tetembungan iku mratelakake dene yen kita sagolong sapikir, saekapraya tumuli bisa ngrampungake prekara-prekara kang akeh lan nadyan abote kaya ngapa, saangel-angele gawean lan saakeh-akehe bapang/palang yen sinengkuyung/kapikul bebarengan tamtu bisa luwih entheng sanggane lan sarwa gangsar kelakone.
Gegayuhan kang sarwa gangsar anggone tumandang temtu gawe kemareman. Asiling gegayuhan kasebut amung bisa kita gayuh yen kita klawan sukarena lan eklas nandangi bebarengan.
Patrap blaka apa anane lan kajujuran anggone nyengkuyung bebarengan klawan becik lan sehat kudu kawiwitan saka dhiri pribadi kita. Ngatonake matrapi adrenging kasedyan kita anggone ajen-ingajenan, padhadene pracaya, padhadene ambiyantu lan nduweni rasa mbutuhake antarane siji lan sijine, kabeh iku mujudake wewaton sing padhadene kudu netepi ing antarane para kang padhadene anyengkuyung bebarengan (gotong royong).
dhemen sung pangapura, nyirik piala;
nging samya silih ngalah, mbabarken tresna tansah,
nulad ing sihe Allah mring sagung titah
Rukun gawe santosa, crah mung bubrah wohira;
ngestokna sabdeng Gusti, tresna sesami.
Nadyan panemu beda, nging tan samya sulaya;
olah kawicaksanan, tan nang-menangan.
Komentar
Posting Komentar