đŸ«ł PANGANGÊN đŸ«Ž

     kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1KbjqU3GUz/

Nganti kapan wÔng tuwÄ nandhang susah

bocah-bocah turu kĂȘpati, sesuk tangi sĂȘkolah.

Lamun kadangku ginĂšndĂšng rĂȘrusuhan

pĂ„rĂ„ anak-anak bĂ„ngsĂ„ pĂ„dhĂ„ tĂȘtangisan.


TĂȘntrĂȘm raharjĂ„ kang dĂšnkangĂȘni

tĂȘmbang asih kumandhang ndhĂ”dhĂ”g kĂ”rining ati.

GumregahÄ he bangsaku IndonesiÄ

tanah wutah-rah cinÄndrÄ ayuning bÄngsÄ.


Urip datan pamĂȘksan hak dhasar manungsĂ„

nÔra pilih mlarat, sugih, drajad, ras lan agÄmÄ.

Urip jroning trĂȘsnĂ„-rukun kinarsake Gusti Kang MĂ„' KwĂ„sĂ„

sinĂȘdyĂ„ sabĂȘn anak, wanitĂ„ dalah sanggyaning bĂ„ngsĂ„.


JM, lingsir wĂȘngi, 28125

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

            [^__^] [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN