RANCANGAN NATIONAL DADi KAWIGATENE MASARAKAT
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GbuAJ9F12/
Murwani mecaki ing warsa anyar iki, akeh para satriya pamengkune nagari wetan kajiret/ginayut ing prakara kang kurang tata.
Apa iki mratandhani yen ing nagari +62 iki bakal tumanduk tangtangan kang kudu denadhepi. Yen pancen kaya mangkono, ayo kita warga negari kinasih samya gegandhengan tangan ngawat-awati, ngiridake(ndherekake) lan njajari(ngiringi) sesolahe lan prabawane para pamengkuning negari supaya ora ndleya lan mblasar saka paugeran.
Gagasan lan rancangan kang sinedya (program kerja) temtu kita sarujuk yen iku kabeh duwe gegayuhan kang becik lan mulya kanggo karahayon lan kamakmurane bangsa tumuju Indonesia Emas. Gegayuhan kang mulya iki dening para satriya negari ya para pamengku kwasa dalah para pamong praja tuwin pandhega (pemimpin, tokoh) masarakat mujudake gegayuhan luhur kang prelu sinengkuyung dening kabeh warganing masarakat.
Salah siji tuladha kang lagi dadi sorotan lan dadi kawigatene masarakat yaiku rancangan national program 'Makan Bergisi Gratis' (MBG). MBG temtu mujudake rancangan kang mulya kanggo ngudi nyiapake generasi taruna murih dumadine generasi sehat lan cerdas panerus bangsa.
MBG mbutuhake wragad ora sethithik mawa rancangan blanjan (anggaran) negara. Ing kene bakal ana sela-sela rengganging ngingerake bea kanggo nyedhiani paket sarapan/madhang sing kudu disiapke saben dinane, upamane dianggarake sakothake sarapan Rp.15 ewu tekan nggone ngecakake Rp.11 nganti Rp.12 ewu. Katone mung sewu rong ewu sakothake nanging yen dipingake sasekolahan, sakelurahan lan sateruse wah bisa angel ngetunge... heemmm ... iki sing diarani ngingerake (nylewengake) dhuwit anggaran alias korupsi. Nah, kanggo jaga-jaga supaya ora kedadean kabeh pehak kudu nengenake kejujuran kanggo anggayuh mulyaning tujuan kang sinedya ing MBG kasebut. Aja nganti ing tembene, kepireng ana pejabat kajiret perkara sing ora kepenak dirungokake yaiku korupsi.
Pangarepane masarakat ngenani MBG ana ing pundhake kabeh kita minangka warga negara lan dadi tanggung jawab bebarengan tanpa pilih asih (klebu para pamengku kwasa) murih bisa gangsar lumakune. Mugya Gusti ngijabahi lan amberkahi panjangkau kang mulya, sarwa kabeneran kang sinedya.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, lingsir wetan, 8124
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar