PENGABDIAN GURU SEJATI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/15kC7BWiPN/
Kamardikan pendhidhikan nasibe kejepit lan disisihake ing ngisor longan kreteg. Salah sijine kang tinemokake yaiku ing ngisor longan kreteg dalan tol Rawamangun Jakarta.
Bocah-bocah generasi panerus bangsa umur watara 5 tekan 10 th kumpul padha sinau mawa linambaran terpal plastik padha ngrungokake wulangane sawijine wanita jenenge Valentina Sastrodihardjo, relawan pemrakarsa Rumah Belajar Pelangi Nusantara, wetonan UNJ sing wus +/-13 th ngabdi minangka pamong lan pamulang ing Omah Pasinaon iku.
Valen madegake omah pasinaon longan kreteg kasebut sacara lelahanan/gratis wiwit taun 2010. Valen ngadhepi maneka tantangan lan pacoban, wiwit seka nyisihake gaji honorer Rp.800 ewu kanggo nyukupi wragad kuliahe ing UNJ lan nyepakake piranti pasinaone kanggo anak-anak longan/kolong kreteg.
Ora amung tantangan wragad sing diadhepi, ning sing abot dhewe yaiku kulawargane utamane sang bapa sing ora sarujuk karo tumindake mau.
Ngrasakake wragad kurang nyukupi, Valen direwangi dadi tukang ojek online (ojol) ngurbanake wektu lan tenagane kanggo nyukupi kapreluan omah pasinaon ing ngisor longan kreteg mau. Awit Valen anggone memulang tansah nggawa piranti/alat-alat pasinaon lan ditambah sangu panganan kanggo anak-anak dhidhike.... heemm mendah mulya luar biasa lelabuhane dalah pengabdiane tanpa pamrih minangka pamulang (guru) sejati. đđ
Valen saiki ora dhewekan, direwangi dening relawan uga yaiku Indira lan Talita Manda. Prelu kaaturake ing kene Indira wetonan Rumah Belajar Pelangi, saiki sinau ing bangku SMA. Ya! Indira anak dhidhike Valen, ing sela-sela wektu preine/longgare mbiantu tilas gurune ing omah pasinaon longan iku.
Dene Talita, minangka mahasiswi Universitas Dian Nusantara (Undira) uga ngrewangi, dheweke ujar seneng yen bisa srawung karo cah cilik apa meneh bisa sinambi muruki memulang bocah-bocah.
Kejaba iku ana uga sing jenenge Eva Dipanti, relawan Cerdas Cemerlang asale saka Kutai Wetan, Sangata, Kaltim melu nyengkuyung pamulangan ing omah pasinaon longan kreteg iku.
Nah, yen digandheng karo program MBG (Makan Gratis Bergisi) mesthine pantes nganggo banget malah yen omah pasinaon longan ngisor kreteg kaya sing dipandhegani dening Valen iki prelu oleh bantuan MBG (ora mung sekolah-sekolah resmi bae). Muga-muga bapak Presiden Prabowo dalah para pamengku kawicaksanan pamarentah lan para tokoh-tokoh pawiyatan migatekake, kausik krenteg penggalihe kanggo nglantipake (mencerdaskan) generasi putra bangsa sing kapinggirake lan kejepit ing longan ngisor kreteg tol iki.
Sumangga! đ
Rahayu kang sarwa tinemu
bagas saras kang linaras.
Para sanggya kadang kang kinasih
mugya berkahing Gusti tansah rumuntuh mring kita umat kang kinasih.... Aa_aamin A__aaminn đđ
sumber inspirasi : https://www.rri.co.id/indepth/206/dunia-pendidikan-terjepit-kolong-jembatan
JM, lingsir kulon, 24125
âïž đđčđ»đ âïž
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar