PANALANGSA LAN PAMRATOBAT

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1C56JWwKLk/

  Jamane sarwa maju samengko iki, kita kabeh nyumurupi dene ing ngendi-endi salumahing bumi padha ngalami karusakan alam werna-werna, ya banjir bandhang, gunung padha njeblug, kobongan gedhen-gedhen, lemah jugrug, hawa panas sauwen-uwen, paperangan kang gawe kasangsaran lan kapralayan, lelara ngambra-ambra (covid19, lan virus ĺiyane). Kang dadi pitakonan, kabeh iku apa ora bisa ditanggulangi dening manungsa? 

Panalangsa lan pamratobat iku kang prayoga temtu!.

Kabeh iku kedadean krana rusake bumi ya marga gedhe durakane manungsa titahe Gusti Allah saobah-osiking atine tansah ala bae tumindake, blasar saka dhawuhe Gusti. Manungsa padha memungsuhan, paprangan ing palagan, anak memateni simbok, simbok nyiksa anake, bapake ngedol anake wedok lan sadhengah kdrt (kekerasan dalam rumah tangga). Manungsa padha keklumpuk bandha kang dudu hake (korupsi), rayahan kakuwasan kut-sikutan lan liya-liyane tumindak ora pinuji.

  Kadya jamane Nabi Nuh, Gusti Allah bareng mirsa sepira gedhene durakaning manungsa, Panjenengane sekel/cuwa ing penggalih. Gusti nuli netepake samubarang kang katitahake kasirnakake saka salumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, apadene kewan liyane. Gusti Allah sekel penggalihe lan keduwung enggone nitahake manungsa ing bumi, manungsa padha mblasar uripe sarwa nerak angger-anggere Gusti. 

  Nulad saka cariose Nabi Nuh mau, tandha-tandha gonjang-ganjinge bumi ing jaman samengko iki, kita kabeh jroning telenging ati, ora bisa seselak yen iku mau sejatine wiwitane bebendune/dedukane Gusti Allah katetepake lan kadhawahake mring manungsa. Mulane ayo kita padha mratobata bali sumungku, ngabekti, bangun turut marang dhawuh lan wewalere Gusti, aja katerus-terusake anggone mursal uripe, nyadhong pangapura nyuwun panuntune lan bali marang dalan kabenerane Gusti.

Sumangga kita samya ndedonga sarta ngrepekaken Kidung Panalangsa (ref.KPJ 52),

"Gusti, sèstu kulå nalångså, awit asring mbalelå,
damêl sêkêl galih Padukå, kêlu ombyaking donyå."

"Dhuh Gusti, kawulå nyuwun apurå, sinucèkkên sing doså.
Mugi manah kulå kaenggalnå, mituhu Padukå."

"Sèstu kulå angraõsakên awrat dening mõmõtan.
nging awit Padukå nulungi, tan awrat babar pisan."

"Sèstu kawulå ngraõsakên ing katrêsnan Padukå,
wit Padukå tan negakakên kulå kawratan doså."

Aa_aamin A__aamin .... 🙏🙏

Gusti ambêrkahi! 🙏


JM, lingsir ratri, 19125

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
           [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN