KAWRUH KESEHATAN KAUM ADIYUSWA
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18rZYARuMg/
#PEPACUH/AWISAN/LARANGAN
Kaum adiyuswa, kasepuhan (lansia) lan putra wayah kang ngrukti/ngopeni lan ngreksa/njagi kaum adiyuswa kaprayogakaken nyimpen seratan punika murih waspada mring kedadosan kang saged nguwatosi/mbebayani cacat ing dinten-dinten sepuhipun.
Sawijining paneliten ing Amerika Serikat nyebataken langkung saking 51% para kasepuhan dhawah karana menek andha/undhak-undhakan. Kinten-kinten kadospundi nalaripun punika?
Para winasis mrayogakaken sasampunipun ngancik yuswa 65th sampun ngantos lan boten nglampahi 10 tindakan (kaprayogan, awisan/larangan/pepacuh), inggih punika :
1. Adiyuswa boten kepareng menek andha, awit sampun suda pangatos lan imbangan badanipun
2. Adiyuswa boten kepareng noleh/mbalik badan kanthi dadakan, ujug-ujug lan rikat, saged gliyeran
3. Adiyuswa prayoga boten mbungkuk ndemek tapakan suku, nggampilaken kecethit ing bangkekan
4. Adiyuswa prayoga sampuna ngagem calana/pantalon sinambi jumeneng, gampil kesrimpet dumugi dhawahipun
5. Adiyuswa boten becik olahraga 'sit up', otot sampun suda karosanipun
6. Adiyuswa sampun ngantos senam muter bangkekan ngiwa nengen klawan kenceng (rosa), murugaken kesliyo/kajepit urat
7. Adiyuswa sampuna sepisan-pisan mlampah mundur, mbebayani sanget saged kejengkang.
8. Adiyuswa sampun ngantos ngangkat barang awrat kalian mbungkuk, saged kecethit boyokipun
9. Adiyuswa prayogi boten ujug-ujug/dadakan menyat jumeneng saking anggenipun sare, murugaken gliyeran
10. Adiyuswa prayogi nyingkiri ngeden sanget-sanget, urat padharan sampun boten gampil melar.
Ing AS wonten sawijining ada-ada kangge nanggulangi 20 ewu golongan kasepuhan puput yuswa pendhak warsanipun kang jalaran dhawah.
Mila prayogi sasampunipun yuswa ngancik 65th, ngupayakaken boten nglampahi 10 tindakan kasebat.
#CARA_MITULUNGI_SEPISANAN
1. Keselek (kesedhak)
Kita prelu ngangkat asta ing nginggil mustaka/sirah, kanthi makaten tetedhan kang nyangkut/ngganjel tenggorokan saged mandhap piyambak.
2. Salah bantal
Kadhangkala nalika wungu sare, ngraosaken 'salah bantal' nggih punika kraos pegel, nyeri ing jangga/gulu. Kang prelu katindakaken kanthi ngangkat samparan/suku, lajeng narik-narik jempol lan punpijet-pijet kalian punputer-puter.
3. Samparan njarem kaku (kram.bs Ind)
Bilih 'kram' suku kiwa, angkat asta tengen sainggil-inggilipun, kosok wangsulipun menawi ingkang 'kram' sisih tengen, angkat asta kiwa sainggil-inggilipun, nunten punraosaken enggal kraos sekeca.
4. Gringgingen/semuten/jimpe
Nalika suku kiwa semuten, kipataken, bandhulaken (ngayun) tapak asta tengen sakiyat-kiyatipun, semantena ugi katindakaken ing kosok wangsulipun suku tengen.
Sumangga punbage kawruh sapala punika mugya sageda maedahi kangge para kasepuhan punapadene kaum mudha.
Salam sehat bagas saras kang linaras mugya tansah kajiwa lan kasarira mring sanggyaning kaum kasepuhan tuwin mudha taruna. 🤝
Gusti amberkahi.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, gagat enjing, 15125
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
sorogan : kadudud saking inggahan ing WA grup
Komentar
Posting Komentar