KISRUHING PANATALEKSANAN HAK-HAK PALEMAHAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18GSKxvEmL/
Yen kita gagas-gagas lan migatekake pawarta ing TV kedadean pamageran segara kadidene ulahe saglintir para pamong pangwasa kang duwe wenang. Coba ta digagas, pamengku kwasa sing ngatur bab pelemahan (ijin pertanahan, bs.Ind) kok kanthi gampange menehi idi lan ngetokake dokumen layang palemahan (sertifikat tanah).
Masarakat sanggha (orang awam) sacara bodhon bisa nyawang mendah kisruhing/ruweting/tumpang suh pangaturan, panataleksanan hak-hak palemahan ing negeri +62 iki. Kok bisa-bisane kebobolan ngwetokake idi sertifikat tanah sing jare ora sah, loh kok bisa ya?? Ing kene bisa diduga yen ana main mata, kedhep-kedhepan mripat (wahhh... bisa klilipen loh!?) ing antarane pamong pangwasa karo juragan proyek sing duwe dhuwit kanggo kapentingan usahane.
Eling, lamun sawijining kaluputan kang asale saka pangwasa/panggedhening praja yen diejarake/ditogake bae bakal katitik uga ing tembene wektu. Ati-ati, senadyan katone lemah empuk ning atos akibate! Aja sembrana! đ©
Kadya paribasan kang unine mengkene :
- Becik ketitik ala ketara.
- Sing sapa gawe jugangan bakal kacemplung dhewe, sing sapa mbabah tembok bakal dicokot ula.
- Sing sapa mecah watu tangane kelaran, sing sapa nyigar kayu tangane kesusupan.
Mulane, pamarentah kudu enggal nuntasake prekara iku klawan ambesmi kadursilan, kadurakan lan sadhengah pangutilan (kacurangan, bs.Ind) liyane supaya nageri kang kita tresnani bisa resik saka tandang grayang (sepak terjang) para duratmaka (maling, koruptor).
Digawa ing jalur ukum iku wus mesthi lan wajib banget, nanging kudu adil saadil-adile, aja nganti kecolongan maneh ing kene, aja nganti ana kedhep-kedhepan mripat meneh... lah blaik tenan ora rampung-rampung urusane, mbulet terus panataleksanan bab ukum.
Ayo minangka masarakat awam saeka praya bebarengan ngawasi panuntasan kekisruhan, tumpang suh wiwit saka prakara iki, temtu prakara-prakara ukum liyane uga ora luput saka pangawasan kita. Sumangga! ✊️đ
Aja nganti dumadine, "Anget-anget telek pitik, yen wis anyep dilaleke dhisik." đ€«đ«Ą
Mugya rahayu kang sagung dumadi.
Gusti amberkahi... Aa_aamin A__aamin đđ
JM, sandyakala, 26125
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar