PERANG UWUH/LARAHAN PLASTIK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1E7jyivrd7/
Program Makan Bergisi Gratis (MBG) yen kita setiteni ing wanci uji coba (+/_ lumaku ing rong minggu iki) ninggalake prakara kang gawe tetumbukan kapentingan (dampak lingkungan) gegayutan karo larahan (sampah) tilas wadhah mangan. Iku kang prelu dipikirake yen wadhah mangan (sabanjure kasebut bae 'omprengan' utawa ana sing ngarani 'tepak') migunakake wadhah kanggone mung sepisan kabuwang temtu nambah tumpukan uwuh/sampah (plastik sajenise) sedina bae sasekolahan cukup akeh njur sawilayah kuta sagunung numpuk, kepriye kira-kira jroning rong minggu iki? njur sajroning sesasi, setahun lsp?
Ana kabar ing Tempo.co https://www.tempo.co/politik/program-makan-bergizi-gratis-di-pariaman-dihentikan-sementara-ini-alasannya-1193605 , kanggo sawetara wektu MGB diundur dhisik marga numpuke larahan omprengan mangan. mangkono miturut arahan Badan Gizi Nasional (BGN) Senin, 13Januari'25.
Pancen program MBG mujudake rancangan kang mulya, nanging uga prelu kapikirake lan kaetung saka maneka sisihing panyawang, ora amung didelok saka tujuane bae nanging uga prelu kepriye ngatasi gawe tetumbukan kapentingan (dampak lingkungan). Nah prelu disedhiani omprengan ajeg bisa dianggo balen, temtu prelu proses ngumbah migunakake alat/mesin otomatis lan bebadan kang duwe jejibahan kejaba 'dapur umum'.... wah akeh ya pehak sing kudu diajak nyengkuyung.
Prekara tetumbukan kapentingan uwuh/larahan sing lagi kawigaten dening sanegara +62 malah negara sadonya yaiku uwuh/larahan plastik kaupayakake diperangi kanggo njaga ijone palemahan bumi iki (go green), njaga lestarine alam iki.
Salah siji bab larahan plastik sing lagi digalak-galakake yaiku nyuda/ambesmi larahan plastik liwat program 'daur ulang'. Nanging kepriye marang 'air minum kemasan'.? Yen digagas-gagas perusahaan-perusahaan sing nyumbang tambahing larahan plastik yaiku banyu nginum kemasan. Malah jroning perang 'promosi' ana sing ngagul-agulake yen galone plastik bebas BPA merga galone bening tansah anyar mung kanggo sepisan ora nganggo diisi ulang. Coba digagas banyu nginum galon kasebut apa ora nambahi akehe uwuh/larahan plastik. Sedina bae pirang galon sing ora kanggo meneh dibuwang dadi uwuh/larahan plastik? Yen wus ngene iki sapa sing tanggung jawab kejaba sing ngatur negara duwe wenang kanggo iku?
Prelu digalakake meneh program go green kanggo njaga lestarine alam. Kabeh kang manggon ing salumahe bumi iki kudu saekapraya, sagolong pikir piye carane supaya alam iki ora sangsaya rusak temah anak putu turun kita ing tembe mburi oleh katentreman, kanyamanan urip manggon ing bumi kang luwih seger, sehat lan elok.
Salam tentrem rahayu đ
JM, sore-sore ngarepake surup, 16125
âïž đđčđ»đ âïž
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar