PAGER LAUT PROYEK SILUMAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/15ixxku8hM/

Pager lauuut.., pager laut..., ohh kenapa bisa lolos saka pengawasan???

Mendah ruwet (amburadul) panata leksanan proyek siluman sing wis mlaku suwe. Kenapa iki bisa kedadean luput saka pengawasane para punggawaning praja?, kamangka masarakat ya wus meruhi ana tukang-tukang sing padha nancepke pathok-pathok pring, ning merga entuk ancaman dening sawetara oknum masarakat ora wani tumindak luwih sabanjure. 


Senadyan durung bisa dibuktekake, bisa diduga yen pasti ana sing duweni dana kanggo ngragati tukang sing nggarap, lan duwe rancangan kanggo kapentingan proyeke. Wuih ing kene pemarentah bisa kalah karo pandarbe dana/bathon. 


Nuwuhke pitakonan(???)❓❓️️

Sawetara ana saklompok nelayan ngrasakake dirugekake, nanging aneh bin ajaib ana sabagean nelayan ujar yen proyek pager laut iku mujudake daya upaya (swadaya) masarakat sing gunane kanggo mecah ombak, nangkis panggerusan gisik/pinggir segara lan kanggo njaga panen kerang ijo.

Jarene, kabar swadaya masarakat digawe dening Jaringan Rakyat Pantura, nanging salah siji perwakilane nyelaki aliyas kabar mau ora bener... weleh weleh. Semono uga nelayan ing TPI ing desa Cituis kab Tangerang kanthi teges ngaku ora mengerteni babar pisan swadaya masarakat kasebut. Amarga ora klebu nalar lha wong para nelayan bae pengasilane pas-pasan kok kudu mbangun pager laut sing malah ngribeti gawe rugi pagaweane para nelayan iku dhewe. 

Sumber warta kadudud: Metro tv news https://www.metrotvnews.com/play/NA0CEnzZ-menguak-misteri-pagar-laut-tak-bertuan 


Kang dadi pitakonan❓️❓️

kenapa yen wus sumebar kabare, lagi padha umyek ribut? 

Ana ngendi bae seprana-seprene pamarentah dhaerah saperangkate?

Apa merem mripate ethok-ethok ora ngreti, apa marga kenapa-kenapa panguwasa dhaerah uga ora wani nindak proyek sing asipat siluman mau?. 

Apa kuwatir dhemite ngamuk kalenggahane bisa copot.... heemm iki sing nguwatiri ya? ...hehehee.🫠🤗

Lha ya wong jenenge bae proyek siluman akeh dhemit gentayangan nggawa dhuwit 🤭😜... hihihii 😈👿

Pitakonan-pitakonan iku kang kudu diwangsuli dening pamangku kapentingan.


Muga-muga bae pamarentah enggal bisa ngrampungake kanthi adil lan wicaksana. Sapa sing luput nerak tatanan paugeran kelautan lan nglanggar ukum pidana utawa perdata, kudu dicandhak lan dijebloske ing krangkeng wesi. Aja nganti ana sogok-sogokan, makelar kasus lan iming-iming urip kepenak kipas-kipas dhuwit ing ndhuwure kasangsaran rakyat. Ganyang koruptor! Aja pilih kasih! Mardika!✊️


JM, lingsir ratri, 20125

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN