MUNGKURKE WARSA LAMI MAPAGAKE WARSA ENGGAL

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/1UtP6ExGoV/?mibextid=oFDknk 

Kita mungkurke warsa lami wit kang anyar wus gumanti,

samya silih andongakna mrih saya kukuh gesang kita,


Mangsa mesthi silih gumanti, wanci rina ganti ratri,

swau kita tetunggilan samangkya kita pepisahan,


Gusti kang nganthi, temah kita tansah basuki,

Gusti kang ngreksa, temah kita tansah raharja.


   ✳️  SUGENG WARSA ENGGAL  ✳️


Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti

sajroning warsi lami kita rineksa sing pati.

Nadyan tinempuh panggodha nging mantep pracaya,

wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki.


Warsa enggal nelakaken gung sih rahmat,

mrih tyang dosa samya mratobat,

yogya kita ngudi urip mursid yekti,

mbangun turut, ajrih asih mring Gusti.


JM, purwakaning warsa , 010125

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN