SABAR NGENTENI JANJI PEPARINGE GUSTI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/ydb6y4pKuxvzBPch/?mibextid=oFDknk

Kala-kala kita ora sabar ngenteni janji peparinge Gusti anjalari kita nglakoni bab-bab kang ora kadya kang dikarsakake Gusti lan wusanane dadi ngadhepi kadadean kang ora becik lan rekasa.

Sajroning ndherek Gusti, samangsa kita nedya kepengin tumindak kabecikan lan katindakake kanthi cara-cara kang cundhuk karo kersane Gusti, tentrem rahayu kang bakal tinampa. Kosok baline, lamun kita nindakakake sacara julig lan kebak kaculikan nerak wewalere Gusti, sarwa rekasa lan karuwetan kang bakal kita adhepi.


Apa bae kang kita tindakake mesthi bakal ana akibate, klebu upaya kita jroning nampa berkahing Gusti. Krana mangkono, sayogya urip kita cundhuk karo piwulange lan dhawuh pangandikane Gusti, entenana  janji-Ne kanthi kebak kasabaran, sumarah lan legawa miturut carane Gusti.


Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasalira ingkang pinangkanipun saking Gusti.

Gusti amberkahi....., Amin Aminnn 🙏🙏


JM, pajar sidik, 05724

          ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


Kadang kita tidak sabar menantikan janji Tuhan sehingga kita melakukan hal-hal yang tidak berkenan kepada-Nya dan akhirnya menghadapi konsekuensi buruk.

Dalam mengikut Tuhan, jika kita menginginkan apa yang baik dan melakukannya dengan cara yang berkenan kepada Tuhan, damai sejahtera akan kita terima. Sebaliknya, jika kita menghalalkan cara yang licik dan penuh kecurangan, masa sukar akan kita hadapi.


Apa pun yang kita lakukan pasti ada konsekuensinya, termasuk upaya kita dalam menerima berkat Tuhan. Untuk itu, hiduplah sesuai dengan ajaran dan peringatan Tuhan, nantikanlah janji-Nya dengan penuh kesabaran dan kerelaan untuk mengikuti cara-Nya

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN