PANGALAMAN IKU NUGRAHANING GUSTI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/tzsJ1Qq3hy83xs9p/?mibextid=oFDknk
Pangalaman nalika kita bisa oncat lan tinebihake saka ing bebaya bisa njalari kacritakake bola-bali. Ananging yen pangalaman iku sawijining kadadean kang nyenengake, padadan cukup kacritakake sepisan utawa mung dibaleni sepisan bae. Yen kacaritakake bola-bali bisa ndadekake kaaranan rasa pamer lan gumedhe ati.
Nalika kita ana ing kahanan kang ngeramake nemoni kabegjan lan kabagyan bisa oncat saka rubeda lan bebaya, sayogya kita kaelingake dene kabeh mau krana kwasa lan kanugrahan peparinge Gusti Allah kang bisa ngentasake lan mitulungi para umat abdi-Ne kang kinasih saka kahanan mau.
Mula mangkono, kita minangka abdine Gusti prelu lan tansah muji sokur lan atur puji pangastuti konjuk mring Gusti Kang Maha Asih, ya krana Sih Kadarmane Gusti piyambak, kita tansah ginanjar karaharjan lan kabagyan lair batin, nirbaya nir ing sambekala.
Pinuji puji Gusti Kang Murba Wasesa mugya lumunturing berkah datan kendhat rumuntuhake mring kita sangya umat kinasih-E....
Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasalira mring kita sanggya para umating Gusti kang tinresnan..,
Gusti amberkahi.... Amin Aminnn đđ
JM, lingsir kulon, 02724
✍️ eMPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar