KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/ryB5ASdz7LjGWa62/?mibextid=oFDknk
Ing sawijining kutha cilik ana piyayi sarimbit nembé nampa kanugrahan pinaringan momongan putra umuré lagi setahun.
Kejaba iku duwé ingon-ingon kéwan asu Hèrdher kang banget setya sing wus suwé diingu wiwit isih srawung kekancan pepacangan.
Kéwan ingon2 mau bisa sinebut minangka "Piyaraan", "Rowang dolanan", "Tukang Jaga & Pangayoming Kaluwarga".
Piyayi sarimbit mau banget olèhé gemati lan pracaya mring Hèrdher-é iku.
Sawijining dina piyayi sarimbit mau lagi tindakan kanthi ninggalaké putrané hamung dikancani si Hèrdher awit saking dipracaya.
Tan kinira nalika piyayi sakloron mulih... iba kagèté! ... jalaran nyumurupi ana tumètèsé getih ing jogan. Sanalika lagi kèlingan yèn lali nora nyepakaké pakan kanggo si hèrdher-é mau.
Kagèt, tratapan lan kuwatir campur adhuk rasané ing pikirané sakloron.
Tanpa mikir werna-werna jenggirat tumuju kamar. Ing ngarep lawang katon si Herder ndéprok kanthi congoré isih tumétés getih seger.
Glegerr..!! kaya disamber bledhèk !
piyayi sakloron njerit seru... sang ibu ndhéprok lemes karo gero-gero
déné sang bapak ya garwané njupuk kursi ing sacedhaké kono njur dikeprukaké makaping-kaping ing endhasé si hèrdher.
Si Hèrdher kéwan kang setya katon pasrah nora éndha babar pisan nganti tumekané pati.
Piyayi sarimbit iku njur rerangkulan tetangisan sangsaya seru krana remuk rasaning ati tan kinira kélangan putrané sing ditresnani bebarengan kélangan si hèrdher kang digematèni banget.
Kanthi lemes sakloron mlangkah lumebu kamar. Ananging iba kagèté nalika meruhi putrané lagi bobuk angler ing peturon, déné ing sacedhaké peturon ana ula kang wus mati kebak tatu getih.
Sakloron lagi ngrumangsani yèn jebulané.... si hèrdher ingon-ingoné dadi pangayom anylametaké putrané saka ganasé ula
Eliding kang bisa kapethik :
*ÉLINGA... AJA GAMPANG TUMINDAK GRUSA-GRUSU, AWIT RASA KEDUWUNG IKU BAKAL TANSAH DISUMURUPI SAWUSÉ ANA KEDADÉAN...*
*DURUNG TEMTU APA KANG KATON ALA IKU MESTHI ALA ...*
*KOSOK BALINÉ DURUNG TEMTU APA KANG KATONÉ APIK IKU MESTHI APIK/BENER ...*
JM, madyaning raina, 18724
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
kajarwakaké déning èNPé
saka tulisan ing grup WA
Komentar
Posting Komentar