RÊRÊPÈN BIRÅMÅ ING MADYÅ RATRI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/MJxaUp8Qih87uC13/?mibextid=oFDknk
Rêrêpèn biråmå ing madyå ratri
atur pujastuti ing ngarsaning Gusti
wit bêrkah kanugrahan tan kêndhat mili.
Ngare kang ijo sêgêr lan adi
katõn mèsêm endahing ardi
mendah agung riptaning Gusti.
Cåndrå twin kartikå sumunar pèni
ngrênggani alam kang sêpi
mendah agung riptaning Gusti.
Nadyan ratri sangsåyå sidhêm sami
têtêp sumunar cahyaning Gusti
madhangi uripku iki.
Puji sokur, konjuk dhuh Gusti
wit bêrkah nugråhå puniki
sèstu krånå asih Padukå Gusti.
‐----‐-----------
sõrõgan :
rêrêpèn = kêkidungan, nyanyian
biråmå = nêngsêmake
pujastuti (puji+astuti) = pandongå, sêmbah puji
ngrênggani = njågå, ngupåkårå
JM, madyaning ratri, 8724
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar