GENDUL, sawijine pepindhan

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/SJnNfeUDkKhwEnRW/?mibextid=oFDknk

Gendul,

> Yen kaisi banyu mineral, regane 3 ewunan..

> yen kaisi jus buah, regane 10 ewunan..

> yen kaisi madu, regane bisa atusan ewu..

> yen kaisi lenga wangi, regane bisa ngancik yutan..

> nanging.., yen diiseni banyu peceren, walahhh..bisa-bisa mlumpat menyang tong larahan -dibuwang!-..., babar pisan ora ana ajine, ora diregani.


Padha dene direngga/dipajang ing jroning GENDUL, nanging beda ajine, amarga "ISI" sing ana jerone pancen beda.


Kaya pepindhan ing dhuwur, tumrap kita mangkono uga, minangka manungsa kabeh padha anane..!

Kang mbedakake yaiku, isen-isene watak lan bebuden kang ana ing dhiri kita sowang-sowang.

Ngelmu, seserepan lan wewatakan kang bener kang gawe mijile bebuden luhur iya bebuden sing becik lan bener.


"Sukses ora diukur saka ing kalungguhan sing kita gayuh, nanging sanyata marga bisa nanggulangi saka kakisruhan rekasane samangsa kita anggayuh kalungguhan iku mau."


Eliding pepindhan kang bisa kacathet, kira-kira mangkene :

Lamun kita ngiseni jroning ati tansah anggelani wanci kapungkur lan rasa kuwatir ing tembe wektu, meh bisa kapesthekake kita ora nduweni rasa sokur ing dina samengko iki. Anane mung anggeluti rasa getun, gela lan rasa was-was. Wusanane iki sing bisa anjalari ngalang-alangi bisane anggayuh luwih anuju kamajuan.


Udan lan bayubraja tansah kita adhepi jroning lelakoning urip, ananging...

"Udan gedhe iku mijudake tantangan urip! Ora prelu nyenyuwun udane mandheg, nanging cukup ndedonga nyuwun 'payung' kita tambah kukuh sentosa."


Eling! Umur iku kadyadene 'es batu'  dipigunakake utawa ora bakal tetep encer lan dlewer.... dilakoni utawa ora umur kita tetep suda seka jatah sing wus katetepake.


🔹️ Ana 3 bab sajroning urip kang ora bisa dibaleni : 

       Wektu, Pocapan lan Wewengan (kesempatan, bs Ind). Jaganen iku supaya ora keduwung ing burine.


🔹️ Ana 3 bab kang bisa ngrusak uriping manungsa :

        Kanepson, Umukan lan Adrenging Sesengitan (dendam bs Ind). Singkur lan singkirana iku!


🔹️ Ana 3 perkara sing ora kena ilang :

          Pengarep-arepan, Kaeklasan lan Kajujuran. Reksanen 3 perkara iku!


🔹️ Ana 3 perkara sing aji banget dhewe :

         Asih, Katresnan lan Kabecikan. Pertinen iku kabeh!


🔹️ Ana 3 perkara jroning urip sing ora ana pepesthene :

          Kasugihan, Kawijayan lan Impen.


"Samangsa isih ana turahan jatah umur kita, udinen lan lakonana KABECIKAN saakeh-akehe kang bisa kita lakoni."


Seratan ing nginggil kajarwaaken saking,

sumber : https://www.facebook.com/share/p/q5FoTQidi63ynnqA/?mibextid=oFDknk


JM, pajar sidik, 13724

          ✍ eNPe ️✍️

          [^__^]  [^__^]

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN