NAMPENI TUMINDAK BOTEN ADIL
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/Xi2wkVU8hupQpfap/?mibextid=oFDknk
Nampeni tumindak/ulahing boten adil saged tumanduk dhateng sinten kemawon lan dumunung ing pundi kemawon. Kawontenan kadya makaten punika saged njalari raos iren ing manah, lan menawi terus-terusan saged andadosaken raos sengit/benci salebeting manah. Boten wonten satunggaling tiyang ingkang saged nampi ulahing boten adil kanthi legawaning manah.
Ananging emanipun, tiyang wangsul ambales tumindak ing raos boten adil wau kanthi cara-cara klentu inggih menika ngendhem raos sesengitan/kabencian kang langkung awon.
Kados pundi tumraping kita wekdal samangke nalika kita nampi ulahing boten adil? Punapa kita tumunten muntap kanepson, meri ing manah, lan mendhem raos sengit dhateng ngasanes ingkang katingal langkung sekeca tinimbang kita? Nalika kita dipunremehaken, boten nampeni hak kita kang samesthinipun, utawi nampeni tumindak boten adil jalaran SARA, punapa kita lajeng tuwuh raos sengit sanget, benci dhateng tiyang kang nandukaken?
Bilih makaten kawontenanipun, prayogi kang waspada sampun ngantos kagendeng raos benci kados ingkang puntetelakaken/andharanaken ing nginggil wau. Sampun ngantos kita tumindak kadurakan jalaran kita nepsu lan sengit sanget utawi benci.
Bilih dinten punika kita ngalami nampi ulahing boten adil, sayogya kita ndedonga dhumateng Gusti Allah Kang Ma' Adil, mugya kepareng Panjenenganipun ngusadani tatu ing manah kita sinung kawicaksanan tumindak kaleresan katuntun ing marginipun Gusti.
Sumangga kita nenuwun ugi murih salebeting nglampahi margining kaleresan, Gusti nebihaken kita saking krenteging mburu kanepson lan adreng ing tumindak kang klentu.
Sumangga kita samya pitados saha ngugemi, bilih Gusti Allah Kang Maha Adil temtu badhe mujudaken kaadilan miturut rancangani-Pun pinuju trep ing wekdalipun....
Gusti amberkahi .... Aminnn đ
JM, gagat enjing, 23724
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar