GOLDEN MEMORIES -cathetan emas si Thole-

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/L91yoRNoTc5EuSmJ/?mibextid=oFDknk

Kita (kula lan panjenengan) minangka angkatan (generasi) jadul ingkang :

  "Kêndêl nanging ajrih lan kurmat dhumateng guru lan tiyang sepuh (bapa-ibu)".

Inggih, kula lan panjenengan (kita) kang miyos ing warsa 1940-1970 (sapunika yuswa 50 dumugi 80 warsa-nan).


Namung saderma kita ngawuningani, bilih kita kang miyos ing warsa 1940-1970, minangka angkatan kang pantes sinebut Angkatan kang begja piyambak, jalaran kita angkatan ingkang nglampahi 'Lompatan tehnologi' kang ngeramaken ing Abad XXI kanthi kahanan yuswa unggul.

✌✊👊👍


Saperangan kita nate meningi migunakaken lampu petromax lan lampu lisah (senthir, teplok), tuwin jaman samangke sinarengan saged migunakaken lampu bohlam, TL ngantos LED.


Estu kita generasi pungkasan kang nate meningi ngraosaken cethak-cethokipun mesin ketik, sinarengan ugi ing samangke driji kita taksih trampil nunal-nunul keyboard laptop lan tilpun pinter.

📃📄📝💻💻


Estu kita punika generasi pungkasan kang nate nyimpen (ngrekam) lagu saking radio mawi pita panyimpen (tape recorder) kadhang sok mbundhet ruwet pitanipun. Sinarengan ugi ing samangke generasi ingkang saged ngraosaken kemajengan tehnologi, gampilipun ngundhuh lagu saking gadget (hp, laptop).

😄🔊📻📼📱


Inggih makaten punika kita klebet generasi jaman alitan badan langkung sehat katandhing lare saumuran jaman sapunika jalaran kita taksih dolanan mlumpat tangsul, loncat tinggi, petak umpet, gobag sodor, setinan (klereng), karetan, tlulupan, gangsingan, layangan lan taksih kathah dolanan sanesipun kang saben dinten akrab kaliyan kita. Ewasamanten kita ugi ing samangke mripat lan driji kita taksih trampil nglampahaken 'game' ing gadget.

🏃🎈🏊💃📱💻


Ing jaman taruna (remaja), kita klebet generasi pungkasan ingkang nate anggadhahi klompok kang tanpa janji, tanpa tilpun/sms nanging tansah saged nglempak sesarengan malem minggon ngantos enjing tanpa kroyokan, amargi kita punika generasi  kang kangsenan cekap mawi manah tulus (ngugemi janji) saged sesarengan gegojekan cekakak-cekikik. Dene ing samangke kita ugi taksih saged 'kikak kikuk... hahahihi' ing grup Facebook lan WhatsApp.

🎇🌠🌌🌈


Estu kita punika generasi pungkasan ingkang nate ngraosaken lancaripun jalan raya tanpa macet ing pundi-pundi panggenan, ugi ngepit sepedhah jengki, onthel, brompit sinambi ngraosaken segering hawa ing pinggiran kitha tanpa helm lan masker.

😀😃😅🚴 🚵


Kita generasi pungkasan kang nate ngraosaken mlampah makilo-kilo meter tanpa mikir lan kuwatos wonten begal, rampok, tukang culik ingkang mbuntuti kita..!

👧🚶👬🏃💃


Kita estu-estu generasi pungkasan kang nate ngraosaken nikmatipun ningali TV cemeng-pethak tanpa punregone gantos chenel mawi remote.

😔😞😞😞


Kita klebet generasi kang tansah dheg-dhegan nengga asil cithak poto ing studio photo. Tansah ngatos-atos salebeting njepret mawi kamera saha boten brah-breh jepretan lan mbusak bilih wonten gambar ingkang awon, namung raos gela kemawon. Wekdal samanten, kita kapeksa eklas menapa kemawon asilipun malah saged cekikikan mesem kecut menawi rainipun ketingal awon... hehehe 😜

📷📸📸📸📸📷🔝


Kita klebet generasi jadhul kang nate ngajeng-ajeng dhatengipun pak pos ngeteraken wesel utawi serat saking mitra kadang lan kekasih pepujaning ati.

 😍📬😍📩😘


Mbokbilih kita punika sanes generasi ingkang sae piyambak... boten! boten!  Ananging, kita punika minangka generasi "𝑳𝒊𝒎𝒊𝒕𝒆𝒅 𝑬𝒅𝒊𝒕𝒊𝒐𝒏" ingkang sampun langka... hehehe prelu punlestantunaken punapa nggih???🤣😜. Ewasamanten kita punika generasi ingkang nggugu & ajrih sarta ngugemi dhawuhipun tiyang sepuh sinaosa taksih sok ndhelik-ndhelik nakal, nanging kita klebet generasi kang purun nggatosaken lan nilingaken mring putra-wayah.


Makaten para kadang sutresna cathetatanipun si Thole ingkang saged punaturaken. Bilih wonten kirang langkungipun lan ceweting tetembungan kepareng nyadhong samodra pangaksama....

nuwun..., nuwun... 👏

Salam tentrem rahayu

bagas saras kang linaras

bagya mulya kang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma' Asih

Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏


JM, lingsir ratri, 18724

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN