WASPADA MARANG NIYAT/SEDYA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/B8kxKfkNkWVgJXRN/?mibextid=oFDknk
Samangsa ati dikebaki rasa panduga ala (kecurigaan. bs Ind) lan rasa sesengitan, gampang banget duwe patrap ngluputake lan gawe pandakwa marang wong liya. Senadyan ta wong iku durung temtu nindakake apa kang kita dakwa, duwe niyat/sedya pandakwa ala kadya mangkono iku kudu kita singkuri lan singkiri. Awit iya niyat iku kang bakal nuntun kita mujudake pepenginan kang dadi angen-angen kita. Apa iya, pandakwa iku bener nyata, lha yen jebule kleru kita bisa kisinan.
Duweni krenteging ati, niyat/sedya pancen wong liya ora ana sing nyumurupi, iya yen niyat iku durung kawujudake pancen ora nglarani sapa bae. Mula saka iku prelu waspada marang krenteg niyat, aja nganti ora kinendhaleni, aja sembrana lan grusa-grusu bisa-bisa ngapitunani wong liya.
Kita prelu tansah migatekake lan maspadakake niyat sajronimg ati kita. Lamun niyat iku becik anane, enggala kaleksanakake kanthi cara kang becik uga. Kosok baline yen niyat iku jahat, enggala disingkuri lan disingkiri sadurunge bener-bener winujud ing tindakan. Eling, keduwung iku tansah mijil ing kawusanane, lamun kita kurang maspadakake mring niyat kita, bisa-bisa kita gela lan keduwung kita wus tumindak nistha/jahat. Mula mangkono, mandheg lan siningkirana samangsa kaculikan, kejahatan isih mung awujud niyat krenteging ati.
Niyat sadurunge diwujudake ing tindakan temtu kudu sarana panglimbanging nalar adhedhasar bukti kang nyata lan bisa kauji kasunyatane apa iku sacara moral utawa sacara hukum. Kabeh mau kudu bisa kabuktekake sacara kepatutan lan nalar hukum sah ing ngarepe pangadilan linandhesan kajujuran.
Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasalira ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah.
Gusti amberkahi....., Amin Aminnn đđ
JM, lingsir wengi, 11724
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Ketika hati dipenuhi kecurigaan dan kebencian, sangat mudah untuk menuduh orang tertentu. Sekalipun orang tersebut belum tentu melakukan apa yang kita curigai, niat harus diwaspadai. Sebab, niat itulah yang akan menuntun kita untuk bertindak. Jika iya, tuduhannya benar, jika salah kita yang malu.
Niat memang tak diketahui oleh orang lain. Niat juga tidak menyakiti siapa pun karena belum diwujudkan menjadi tindakan. Namun, justru karena itulah, niat perlu diwaspadai.
Kita perlu senantiasa menilik niat yang ada di dalam hati kita. Jika niat itu baik, segeralah dilaksanakan dengan cara yang baik pula. Jika niat itu jahat, segeralah dihilangkan sebelum benar-benar terwujud dalam tindakan. Penyesalan selalu datang di akhir; jika kita tidak mewaspadai niat kita, bisa jadi kita menyesal setelah bertindak jahat. Oleh karena itu, hentikanlah dan hindarilah selagi kejahatan itu masih berbentuk niat.
Komentar
Posting Komentar