BUMI CIPTA-RIPTANE GUSTI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/pav67ijgB8RzckwA/?mibextid=oFDknk

Bumi ciptå-riptane Gusti, 

endah ing sakawit

sangsaya luntur kaelõkane

margå ulahe manungså.


Palêmahan såyå garing lan bêrå

wanadri gundhul gung liwang-liwung

ayo sayuk rukun 

gõtõng rõyõng nênandur.


Wit-witan dibabad tinegor, 

banjir bandhang têkå anrajang

ayo sayuk rukun 

gõtõng rõyõng nênandur.


Sato kewan padha ribut

tlatah pomahan uripe karêbut

ayo sayuk rukun 

mrih lêstarining alamipun.

 

Tuking toyå kêracunan

dening sampah bangkrahan

ayo sayuk rukun 

nèdhèngi rêmbêsing racun.


Lapisan õzõn tumus

racun wiwit nêmbus

ayo sayuk rukun 

mrih urip tan musprå lan pikun.


Gunung ès pul-lor mili mudhun

saperangan pulo kalêban

ayo sayuk rukun 

ngrêkså alam bêbarêngan.


JM, gagat bangun, 14724

          ✍ eNPe ️✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN