NÊDHÊNG-NÊDHÊNGIPUN SOLAHING GÊSANG

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/1MPVEauj6BNjWPBn/?mibextid=oFDknk

Ing jaman samangke, ing Jêpang nêmbe nêdhêng-nêdhêngipun solahing gêsang (gaya hidup) samadyå (minimalis). Pårå têtiyang rame-rame nyudå isèn-isènan griyå såking manekå prabõtan. Namung nggadhahi sandhangan sêkêdhik, kasur sawõntênipun, laptõp kangge sarånå nyambut damêl ingkang sarwå online. Griyanipun cèkli botên sumpêk swasånå kråõs lêgå lan ngrêmênakên.


Ing Jêpang kang kondhang nêgåri asal yasan (produsen) mõntõr, criyõsipun gadhah mõntõr punikå kalêbêt 'kampungan'. Namung gõlõngan pêtani lan sudagar ing padesan kang nggadhahi mõntõr, mênikå kemawõn amargi punprêlõkakên kangge ngangkut bahan-bahan têtanèn lan barang dagangan. Dene tiyang kithå rêmênipun mlampah utåwi nunggang sêpedhah, nadyan tå wontên mõntõr punêjarakên kemawõn ngantõs kêtutup blêdug ing garasi.


Bèntên sangêt kawõntênanipun lan budayanipun ing Indonesia, mõntõr lan griyå mewah minångkå pralambang kasugihan. Cicilan griyå dèrèng lunas taksih pungubêd pinjõl mõntõr. Kamångkå kêkathahan utang, kathah ugi anakan (bunga) ingkang kêdah dipunbayar, bõtên kråõs punpêrês pihak kang nyukani utang utåwi bank. Cobi kemawõn tansah kapirêng pawartõs kurban-kurban pinjõl, griyå lan mõntõripun punrampas dening tukang tagih (dept collector) kèngkènanipun kang nyukani utang.


Cobi tå pungagas-gagas malih, mênawi kêpengin gêsang 'nggaya' ingkang pundamêl-damêl... Gêsang samadyå punåpå wõntênipun langkung nikmat lan endah bõtên kêmrungsung.


Bõtên kõk mênging/ngawisi!.. Bõtên!, bõtên mêkatên!..

Gadhah prabõtan kathah mênika kênging kemawõn bilih griyå kitå sampun darbèk kitå piyambak. Gadhah mõntõr ugi kenging-kenging kemawõn, bilih landhêsan ekonomi kulåwargå sampun kukuh bõtên gorèh. Mênåpå kang sinawang katõn såking njåwi salêrêsipun namung kadyå kêmul pambungkus lêlamisan. Kangge mênåpå såking njåwi katingal mênthèrèng lan mapan, mênawi ing lêbêtipun kõpõng?

Langkung nyêdhihakên malih mênawi jêbulipun sadåyå wau punklêmpakakên såking asil korupsi.


Kitå nyambut damêl rintên-dalu, mêrês kringêt, sirah dadõs suku, suku dadõs sirah namung kangge nyicil barang-barang, griyå lsp. Mendah gêsang mênika awrat sangganipun. Emut, sadåyå wau titipanipun Gusti Allah, bõtên punbêtå pêjah, gêsang punikå ampun nggrangsang.


Prayogi kang samadyå anggènipun nênuwun tansah pinaringan bêrkah kanugrahan lan kabagyan, punika ingkang langkung mulyå wõntên ing panuntunipun Gusti Kang Murbå Wiseså.

Mugyå Gusti ngêparêngakên panjångkå kitå kang cundhuk kaliyan Karsa-Nipun wõntên ing margi kang lêrês...

 Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat enjing, 16724

           ✍ eNPe ️✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN