AWON-SAE ING WAWAN WACANA PIREMBAGAN
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/KJsdaQgqhacSSuXh/?mibextid=oFDknk
Salah satunggaling panyebab datan wontenipun pasarujukan salebeting gesang pasedherekan/sesarengan (kekadangan kaliyan tepungan, tangga tepalih lsp) inggih punika kirang malah kepara awon ing wawan-wacana pirembagan (buruknya komunikasi, Ind.). Tiyang langkung remen milih mendel, ngempet raos kuciwa, ngondhok-ondhok lan serik ing manah. Kang wusananipun saged pecah ing kanepson kang boten kabendung sawancinipun wonten pamletikipun. Sesambetan kekancan/pasedherekan saged bibrah malah kelajeng rekaos dipunpulihaken nggih amargi boten wonten saenipun utawi awon ing wawan-wicara/wacana.
Kajujuran antawisipun satunggal lan satunggalipun salebeting pirembagan kanthi tinarbuka prelu samidene nggadhahi raos kawigatosan kangge ngreksa karukunan gesang sesarengan mitra-kadang. Guyub rukun salajengipun prelu dipungayuh sesarengan. Ing ngriki dipunbetahaken gadhah raos menep lan sareh ing manah nedya samidene saged nampi lan purun mirengaken boten lilanipun/panarimahipun ngasanes kanthi wicaksana, samidene angajeni lan urmat. Sadaya wau temtu saged nyaranani raos legawa lan tentrem tumrap sadaya pihak.
Sumangga kita wiwit sageda ambangun kesaenan ing wawan-wacana pirembagan temah manggih pasarujukan ingkang jujur, tulus eklas, tinarbuka sarta samidene angajeni lan sageda nampi unek-unekipun ngasanes.
Rahayu kang tinemu,
bagas saras kang linaras,
bagya mulya kang jinangka,
ayem tentrem kang ginegem.
Gusti amberkahi...., Amin Aminnn đđ
JM, parak enjing, 7724
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar