KAADILAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/HpbsEidMpKrB7ERJ/?mibextid=oFDknk

Apa iku sejatine kaadilan?

Kaadilan duweni teges kang rowa, gumantung saka sisih ngendi carane nyawang.


Sajroning paugeran/wewaton, kaadilan duweni pathokan dhasar lelimbangan, saimbang, sababag lan matrapi sarana adil marang kabeh pribadi ing wengkoning tatanan ukum/paugeran.

Iku tegese saben pribadi datan ambedakake suku, agama, golongan, kalenggahan kakuwasan, kasugihan, kabeh duweni hak lan kewajiban sing padha miturut paugeran/ukum lan dietrapi sacara adil lan imbang.


Minangka paugeran, pathokan dhasar duweni saperangan bab baku :

1. anane panetepan pepancasan saimbang jujur apa anane tumraping pribadi tanpa prabeda siji lan sijine.

2. saben pribadi duweni hak oleh pangayoman ukum saimbang lan hak ambelani dhiri pribadi ing ngarepe pangadilan

3. pepancasan ukum kudu adhedhasar bukti kang ora bisa diselaki (sah) lan adil sarta hakim minangka panegak ukum kudu tumindak netral ora mihak/ngiloni kana-kene.


Iya mangkono pathokan-pathokan baku kang ngawengkoni supaya ancase kaadilan bisa kaetrapake kanthi saadil-adile adhedhasar hak dhasar kamanungsan (hak asasi manusia).

Samubarang kang nembe prakaran jroning pangadilan ing negeri +62 iki muga bae bisa netepi telung pathokan baku kasebut. Temahan rasa kadilane masarakat kabeh bisa kawujudake ora sinuwek-suwek utawa dirojah-rajeh dening kapentingane para pihak tertamtu. Wallahualam! Ya, hamung Gusti Allah Kang Maha Adil kang kagungan kabeneran sajati. Mugya samya sinedya awit keparenge Gusti Kang Maha Wikan .... Aminn 🙏

Gusti amberkahi ....  Amin.. Aminnn 🙏


JM, lingsir wengi, 31724

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN