LAMUN KULÅ MLAMPAH
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/B1bziVE96Se466eB/?mibextid=oFDknk
1: Lamun kulå mlampah nèng margining Allah,
kulå sèstu ngraõskên bingah.
Kulå yakin èstu, Gusti nuntun tamtu
mring tyang kang pitadõs satuhu.
Rèf.
Mung sawiji kabêgjan sêjati,
nggih pitados mring Gusti wah manut lan bêkti.
2: Yèn pêtêng ing manah, kabidhung ing sisah,
kulå nilingkên sabdèng Allah.
Uwas lan kuwatir wus tamtu sumingkir,
anggêr pasrah kang trusing manah.
Ref. ..
3: Ibå bêgjå kulå, sajroning ginodhå
kiniyatkên dening sabdanyå.
Rinêkså rinimat tan dhawah tan lêsah,
wit saking Sih-rahmating Allah.
Ref. ..
Kapendhet saking sumber kekidungan KPJ 125 pada 1 - 3
JM, madya raina, 26724
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar