G A N G S I N G A N

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1BpoD6gkdj/

Jaman alitan (SD & SMP) kula taksih meningi dolanan gangsingan.

Punapa ta gangsingan punika? Gangsingan nami mainan jaman kina saking kajeng kanthi pratelan: Gangsingan nalika samanten kula lan kanca-kanca adamel piyambak saking kajeng kemlandhingan ingkang sampun sepuh uwitipun, tengeripun sampun medal galih (aten-aten kajeng warna kasoklatan). Kajeng punika atos lan cocok kangge bahan gangsingan kang dipun wangun limrahipun kados kukusan satangkep (mlumah lan mengkurep).


Nunten anggenipun yasa gangsingan ing pucuk inggil punwangun jendhol kangge ndhas-ndhasan, ing ngandhap puntancepi potongan paku kangge puser mubengipun ing plataran.


Anggenipun ngubengaken mawi tangsul pundamel saking kulit kajeng wit waru kang wulet (boten getas).

Kulit kajeng waru dipun gêcêki mrih medal seratipun lajeng punpepe rumiyin nunten puntampar (pundamel plintiran serat). Bonggol tangsul kangge cepengan punplintir dados tampar (tambang) langkung ageng klawan pucukipun punreka sangsaya alit, panjangipun watawis 1 dumugi 1.5 meter.


Ing kampung, dolanan gangsingan sinebut panggalan/banggalan utawi pathonan. Gangsingan kagubed tangsul ing sisih kukusan nginggil, lajeng narik kenceng tangsul tumuli puneculaken ngantos mubeng seser ing siti plataran. Saged ugi gangsingan kang kagubed tangsul pun balangaken kenceng ngener gangsingan lawan ingkang taksih mubeng mrih saged mencelat utawi pakunipun natoni. 


Caranipun dolanan gangsingan racakipun lare-lare adon aben-abenan menang kanthi cara sinten ingkang saged mbanggal gangsingan ingkang taksih mubeng ngantos mencelat punika ingkang menang. Mbokbilih punika ingkang saged kula aturaken bab banggalan.


Sumangga ingkang kagungan pengalaman caranipun main banggalan kang benten ing tlatah panggenan sanesipun katuran nyariosaken ugi ngiras-ngirus gladhen nyerat kangge "Melawan lupa" kados inggahan kula ing seratan kula saderengipun (26April'26) mawa irah-irahan 'Ngasah Landheping Daya Pangemut'.  https://enpeoke.blogspot.com/2026/04/ngasah-landheping-daya-pangemut.html?m=1 


Nuwun, Salam rahayu 🤝


Mapag pletheking diwangkara, 04526

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]





Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG