UBENGING JANTRA

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18EcWbNZCH/

Sapinter-pintering, samulya-mulyaning manungsa, tetep kemawon boten prayogi rumaos menang piyambak, nggadhahi kuwaos piyambak, nganggep paling dhugdhèng rumaos rosa piyambak katandhing ngasanes, jalaran saged kemawon dumugi wekdalipun nglampahi kamunduran.

Kadyadene ubenging jantra, samangsa mèndêl kang suwaunipun ing inggil nunten peneripun gantos ing andhap.


Pranyatan punika ingkang tinulis lan boten tinulis ingkang dados wewaton pagesangan manungsa kang temtu kedah punugemi samya.

Kadhungdhengan bakal lungse, surut lan ical ing titiwancinipun kang sampun dados panetepanipun Gusti Kang Murbèng Agesang, Allah Sang Pancipta.


Kagem para panguwaos kang pinitados amengku praja, sampun ngesupenaken / nyepelekaken pranyatan kadya kang tinulis ing ngajeng. Pramila sayogya boten prelu matrapi kwaos klawan gumunggung.

Sadaya kalenggahan kang puntampi lan sinangga punika titipan lan kapracayan masarakat kangge angabdi kapentingan masarakat. 

Estu.., punika kang kedah punjunjung lan punugemi minangka darmaning pamong, pamengku utawi pandheganing praja ing tataranipun piyambak-piyambak.


Rahayu kang sarwa tinemu,

bagas saras kang linaras

Gusti mugya tansah amberkahi kita sanggyaning tumitah kang kinasihi.... Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, lingsir dalu, 02526

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG